Minggu, 27 Maret 2011

Wulan Mei


Aku ndheprok ana ing ruang ACnan sing kebak mahasiswa. Suara keplok lan ucapan selamat wis ora tak gagas. Tangan kiwaku nyekel kertas sabendhel, tangan tengenku nyekel cek sepuluh yuta. Aku nangis tanpa suara, ora merga kesenengen oleh dhuwit semono kuwi, nanging merga aku bingung olehku arep ngecakke dhuwit kuwi mau. Angen-angenku balik nalika aku krenggosan ngepit munggah gunung.
Nalika iku Bu Tum tindak menyang pasar, Dhik Dika ora melu. Aku sing lagi entas bali saka jogja langsung dolan ana omahe Wulan, mbakyune Dhik Dika. “Mbak Wul, ana Mbak Emem”, Suarane Dhik Dika nang teras nganti krungu tekan lurung anggonku nuntun pit merga ora kuat munggah. Pancene saking cerakke, Dhik Dika wis tak anggep kaya adhiku dhewe, undhang-undhanganku Mbak Emem. Durung aku nyetandarke pit, Dhik Dika wis njaluk gendhong, narik-narik klambiku. Aku mlebu ana ing ruang tengah, nang kono Wulan teturon karo ndelok tipi. Katone aku wis suwe ora dolan, seploke aku sibuk melu organisasi nang kampus wis telung minggu ora mudik. Wulan seneng banget weruh aku teka nggendhong Dhik Dika.
Aku karo Wulan banjur ngobrol ngalor ngidul. Ora kaya biasane, Wulan katon lemes, sapisan-pisan watuk. “Sakit apa, hayo?”,pitakonku. Wulan mung ngguyu karo njawab “ora, mung watuk......”. Durung rampung anggone njawab, bocah TK sing kawit mau nang pangkonku melu urun suara,”Mbak Wulan ki ra gelem mimik obat.” Wulan mesam-mesem krungu adhine wadul karo aku. Wis tak-rayu supayane Wulan gelem mimik obat, sanajan mung obat warung. Wulan tetep ora gelem.
Mbah Marta, sing lagi nggodhog wedang, mireng anggonku ngrayu Wulan. Mbah Marta ngendika, ”Kuwi lho mbak, Wulan ki angel nek dikon maem, mulakna awake entek, njajal dimaemke”. Aku nampa sega sapiring paringane Mbah Marta. Wulan tetep wae ora gelem takdulang. Aku nganti kenteken rayuan nggo ngrayu Wulan. Akire aku malah ndulang Dhik Dika.
Seminggu itunge saka wiwitan wulan mei, aku nganakake acara syukuran ana ngomahku, mergane aku wis ngancik umur wolulas taun. Kanca-kanca sing tak-undhang mung kanca cerak, cerak ati ya cerak omah. Aku sengaja ora ngandhani Wulan, aku ora arep gawe repote Wulan.
Bubar acara maem-maem bareng kanca-kanca, aku nyiapke rong kerdus maem nggo Wulan. Sore kuwi grimis, aku ngepit, kerdus loro kuwi mau tak-delehake kranjang. Bu Tum karo Mbah Marta katon bungah weruh aku teka. Pundhakku dielus-elus karo salaman. Pancene kuwi wis dadi kebiasaan saben aku dolan mrono. “Ndhuk, grimis-grimis ngene kok ya isih gelem dolan”, ngendikane Mbah Marta. Aku mung mesem, “Nggih, Mbah, namung ajeng nyaoske niki, maem ngge Mbak Wulan.” “Lhoh...kok kerdusan, acara apa?”, Bu Tum nampani kerdus loro kuwi mau. “Wau enten syukuran ulang taun, Bu, niki jatahe Mbak Wulan”. “Ndhuk, kowe kok gemati temen karo Wulan, matur nuwun ya Nduk ya. Kae Wulan isih durung mari watuk-watukke, malah wingi sambat sesek barang.” Bu Tum ngelus-elus pundhakku maneh. “Nggih, Bu, mugi-mugi mbak Wulan enggal mantun, purun maem malih.” Ujarku. Grimis saya deres, aku langsung pamitan, ora mlebu ngomah nemoni Wulan, aku mung titip salam karo Bu Tum.
Nang dalan aku mikirke Wulan, rayuanku seminggu kepungkur jebul durung ana kasile. Aku mbatin, apa kurang pas anggonku ngrayu supayane Wulan gelem priksa nang dokter, gelem maem, gelem mimik obat. Satekane omah, aku telpon Wulan. “Wul....awul..awulan..maeme dimaem ya. Hayo, kudu gelem. Mengko nek wis maem njuk priksa nang dokter ya, watuke durung mari ta? Mimik obat aja lali. Aku nduwe sureprise lho.... Ning kowe kudu mari dhisik. Nek durung mari ya ra sida” ujarku liwat telpon. Aku karo Wulan wis kancanan enem taun, wis lumrahe yen ngobrol mesthi ana guyone.
Wengi krasa adhem, jam nang hapeku wis nggambarke jam setengah siji. Aku cekat-ceket ngrampungke karya ilmiahku. Pikiranku semangat tenan mikir Wulan, yen karya ilmiahku iki menang, dhuwite bakal taknggo tuku kursi roda nggo Wulan. Aku mesakke Wulan, saben-saben arep lunga kudu digendhong. Critane, wis kawit cilik Wulan ora bisa mlaku, nanging Wulan iku bocahe pinter, mula mbiyen sekolahe nang sekolah umum bareng karo aku. Jam loro, alhamdulillah karya ilmiahku wis dadi. Aku enggal turu.
Dina kuwi aku kudu presentasi babagan karya ilmiahku. Isuk-isuk aku wis tekan kampus. Karo nunggu giliran presentasi, aku ngalamun. Aku SMSan karo Wulan, aku ngomong karo Wulan yen wengi kuwi aku ngimpi dolanan karo dheweke. Batinku wis ngrasa ra kepenak, merga aku jarang banget ngimpi Wulan. Pikiranku wis ra karuan, aku selak pengen nukokke kursi roda nggo Wulan.
Ora let suwe, tekan giliranku maju. Aku semangat, apa sing ana nang karya ilmiahku takjelaske kanthi cetha. Bareng wis rampung, keplok rame para peserta gawe ayeme atiku.
Srengenge wis mapan ana ing sisih kulon kae. Lampu-lampu wis pada murup. Aku entas-entas memean. Hapeku muni, ana SMS. “Wulan opname, sore mau digawa nang rumah sakit. Ayo tilik.”, unine SMS saka kancaku. Aku kaget. Arep bali, nanging wis maghrib ora ana bis saka kos-kosanku tekan omah. Sawise sholat maghrib aku telpon Wulan, ora diangkat. Banjur aku telpon ibuke, Bu Tum. Bu Tum crita yen Wulan mau awan keseseken, lemes, tensine pitung puluh. Aku mung isa ngeyem-yem Bu Tum. Ndonga muga Wulan cepet mari. Aku uga pamit karo Bu Tum yen durung bisa tilik, merga aku wis nang jogja. “Bu, Wulan pun bobok napa?” takonku, pengen omong-omongan karo Wulan. “Durung, ning ora gelem dijak omongan.”
Buku abang mung takcekel, ora takwaca. Sesuk esuk ujian, nanging aku ora bisa sinau, aku isih mikir Wulan. Meneng, anteng, suwe-suwe aku keturon.
Dumadakan aku tangi, makjenggerat, krungu hapeku muni. Ana sms mlebu, saka kancaku sing uga tanggane Wulan, ngabarake yen Wulan kapundhut dening Gusti Allah. Aku ra ngandel kabar kuwi. Luhku pancen wis nglebusi kemulku, nanging durung ngandel. Hape kuwi isih takcekel, teka-teka ana telpon, ora liya saka Bu Tum. Wis ora mikir werna-werna, langsung tak-angkat. Suarane Bu Tum kamisesegan. Tangisku wis ora isa dibendhung. Ana ing kamar kos aku dhewekan nangis. Lawang isih dikunci rapet.
Aku bingung. Aku pengen bali, melu ngeterke Wulan nang makam, nanging aku esuk kuwi aku ujian. Bareng luhku wis tak-ulapi, tangisku wis mari. Aku mangkat kuliah. Soal-soal ujian wis ora kewaca, mung takjawab sakenane wae.
Bubar ujian jam sewelas. Aku langsung mlayu tekan pinggir dalan, ngadhang bis. Sajroning bis, aku mung mejeti hape. Nguyak wektu, untape layon mengko jam loro, aku isih duwe wektu telung jam. Bis mlayu kaya playone atiku nguyak wektu.
“ibuuuuu……”ujarku lirih nyawang Bu Tum jumeneng ana sapinggiring peti kang mujur ngalor ngidul. Tanpa suara sakecapa, Bu Tum ngruket aku. Luhku mili, nelesi klambine Bu Tum. Tangisku lan tangise Bu Tum gawe suasana banget sedihe. Mbah Marta dumadakan mili waspane, nyawang aku.
“Bu, mbak Wulan pun tenang. Gusti Allah mesthi maringi papan kang sae.” Suaraku seret, ngudari ruketan kuwi. Bu Tum ngulapi waspane nyawang peti kang wis arep diuntapke.
Layone mbak Wulan wis wancine diuntapke, aku ngadeg nggejejer ana mburi barisan, semono uga Bu Tum nang sisihku. Ora nyana, tangane Bu Tum sing kawit mau nggenggem tanganku selot suwe lemes. Para mudha sing padha ana jejerku dumadakan bingung, padha bingunge aku, Bu Tum semaput.
Nalikane Bu Tum dipapah ana ing kamar, aku lumaku ngetutke layone Wulan nganti tekan makam. Atiku isih terus anggone nangis, nadyan luhku kaya-kaya wis ra krasa banyu maneh. Mei kang biasane ceria, saiki ora beda karo godhogan bayem, alum. Dhuwit sepuluh yuta sing ana tasku wis ora tak gagas maneh. Ngen-ngenku tuku kursi roda nggo Wulan wis muspra. Wulan Mei.

(Dening : Rinda Asy Syifa, kapethik saking UDYANA edisi Maret 2011)

»»  READMORE...

Kamis, 10 Maret 2011

Yojawates


Dhewe ora ateges kasepen. Rungokna apa sing neng njero iki. Rame banget, nganti garuh anggonku ngrungokke, apa maneh ngrasakke, kaya swarane mesin bis sing dak-tumpaki iki. Janma manungsa pating slebar neng saindhenge Rumah Sakit Sardjito. Ana bapak tukang becak sing kewalahan nggenjot pedhal jalaran penumpange bapak-ibu-anak. Ana mbak-mbak karo mas-mas sing nganggo jubah dokter, njalari aku eling jaman semono nalikane aku mulih sekolah ngonthel mesthi liwat ngarep Rumah Sakit Wates jalaran kepengin dadi dokter utawa perawat, kuwi mau mung impen sing ora ana kasunyatane. Neng cedhak shelter Trans Jogja sisih tengenku, ana simbah-simbah mripate sing tengen ditutup perban, apa nembe wae operasi katarak, aku ora ngerti, sing dak-ngerteni ya mung simbah kakungku sing wis kapundhut dening Gusti sadurunge sempat operasi katarak. Tinimbang aku ngalamun mikirke prastawa sing wis kliwat, aku nyetel radio neng hapeku, nganggo colokan kuping (kakangku nyebut headset sing cilik kuwi colokan kuping). Wis ora perlu pindah-pindah frekuensi. Pas banget, ana lagon-lagon sing dak-senengi.
Bis mandeg jegreg. Nunggu penumpang. Aku isih asik ngrungokke radio sing colokan kupinge tak-tlesepke jilbabku, dadi ora ketok, ora ana wong weruh, weruhe ya mung aku manggut-manggut ora jelas. Kedadak mandheg anggonku manggut-manggut, aku weruh neng ngarep kono rada mendhuwur, ana jembatan penyebrangan sing durung dadi. Aku mikir meneh, kok bisa-bisane ya wong-wong kae gawe jembatan neng ndhuwur dalan gedhe ngene? Kok ora ambrol ya? Jan-jane aku ya wis ngerti nek kuwi nganggo teori, ning aku ora ngerti apa teorine. Dadi marakke ngguyu dhewe yen kelingan jaman SMP aku wis tau kepengin dadi arsitek. Ya wektu kuwi aku lagi seneng-senenge orek-orekkan nganggo petelot nggawe sketsa omah-omahan, jalaran mbiyen seneng pelajaran nggambar, dhasare gurune ya nyenengke.
Jogja Chicken, ora adoh seka jembatan kuning sing ndadekake aku kepengen nang Minangkabau jalaran ana ing sisih tengen jembatan ana omah sing kaya omah adat Minangkabau, ning ya tetep luwih apik pandapa tedja –wong Jawa je—. “Kapan ya aku mlebu nang Jogchick?”, batinku, dhasarane bocahe ndesa, durung kenal jogja chicken.
Radioku suarane pating-kresek. Sajake gelombange wis ora nyaut tekan kene, mula frekuensine dakgenti, wis ora ana lagon campursarian maneh, saiki nyetel nasyid. Dhuh Gusti paringana rahmat lan keslametan, kagem Nabi junjungan kula Muhammad... lagu kuwi nganggo limang basa, ndadekake aku sadar yen urip iku kudu ngurmati basa liyan.
Mak-grudhug, bocah-bocah sing nganggo sragam SMP lan SMA akeh sing padha numpak. Aku kaget. Jebul wis kesuwen anggonku ngalamun. Iki wis tekan.  “Mbak, mbak, aku duduk sini ya”, ana bocah sragam biru-putih njawil aku banjur lungguh ana sandhingku. Aku mung manthuk karo mesem. Aku gumun karo bocah-bocah sragam biru-putih karo klawu-putih kuwi. Ora merga klambine sing wis keciliken, ning merga guyone sing marakke aku melu ngguyu. Kaya-kaya aku kepengin mbaleni jaman sekolahku biyen, kepengin ngebis bareng kanca-kanca akeh. Ora dhewekan kaya saiki. Biyen ya mulih sekolah mung dhewekan ngonthel, merga jarang ana kancaku sing numpak pit. Ya mung seploke kuliah iki aku ngebis, malahan wis tau kesasar barang.
“Abege, anake bakule gule. Abege, aku bingung nggugu karepe...”, lagune mas-mas sing lagi ngamen. Swarane sora dak-rungokke. Neng Jl.Godean iki aku mesam-mesem krungu lagu kuwi. Lagune pancen apik. Coba nek kelompok band-ne kakangku gelem nggarap lagu kuwi, tak-acungi jempol.  “nggamping....nggamping!!” keneke bengak-bengok marakke sing lagi ngamen banjur liren.
Saka sebrang dalan kae wis katon bapak-bapak sing padha ngawe-awe. Kenek-kenek bis pancen pinter anggone golek penumpang. Aku sing lagi bingung merga ra wani nyebrang dhewe iki kedadak bungah nalikane ana kenek bis sing nyebrangke. “tindak pundi ta mbak?” ngendikane. “Wates”, ujarku. “Melu bis gedhe wae mbak”, bapak kuwi mau sajakke ngerti apa karepku, aku pancen kepengin numpak bis gedhe. Aku ora mangsuli, mung manthuk karo mesem. “Hhmm...”, aku lega oleh kursi ngarep cedhak lawang, merga mengko dadi gampang lehku arep mudhun.
Aku mung meneng wae. Pikiranku mbalik ana ing wektu kira-kira nem wulan kepungkur, nalikane aku pisanan wani ngebis dhewe. Wektu kuwi niyatku kepengin gawe sureprise nggo mamakku, aku bali dhewe, ngebis, biasane aku mbonceng masku sing kuliah nglaju. Wis semangat gawe sureprise,  jebul neng ndalan aku kesasar, njuk malah gawe bigunge wong tuwa. Dadi kejutane ora kejutan bali ngebis, ning kejutan aku kesasar.
Dhuwit limangewu tak-cepakke nggo bayar. Tak-caoske bapak-bapak kenek sing mau nyebrangke aku. Batinku, “sujakna mau sing nyebrangke aku ki kenek bis gedhe, coba nek kenek bis cilik kaya dhek wingi, mesthi mengko keneke muni-muni merga aku ora melu bise”.  
Dalanan kebak kendaraan, rame, pating-sliwer. Weruh kendaraan pating-sliwer kuwi marakke sirahku mumet gliyeng-gliyeng. Ning ya karang kursi jejerku kosong, dadi ora ana sing bisa tak-jak ngobrol, dadi aku mung dadi tukang ngalamun.
“Ndalangan...ndalangan...!!”, swara kuwi nggawe aku kaget. Jebul aku keturon. Enggal-enggal aku siap-siap mudhun, kurang luwih telung menit meneh aku tekan. “Gepura ngajeng, Pak”, aku ngadeg karo nudhing mengarep, matur karo pak kenek.
Pancen omahku dudu pinggir dalan iki. Aku kudu mlaku kira-kira telungatus meter liwat tengah sawah. Dhewe. Gliyak-gliyak tak-lakoni. Pisan-pisan ngguyu manthuk aruh-aruh nalikane ana simbah-simbah sing lagi nggarap sawah. Srengengene wis manjlung mangulon. Swara banyu kalen anteng senajan iline banter, kaya-kaya nggambarake aku sing kawit mau gaweane mung ngalamun, meneng wae nanging pikirane tekan ngendi-endi. Ora jelas, ora cetha, critane Yojawates.

(Dening : Rinda Asy Syifa, kapethik saking UDYANA edisi April 2011)
»»  READMORE...