Senin, 08 Agustus 2011

Ginusti Latuning Hasmara



Blegermu tan kendat kumlebet,
beksan sajroning panduluku,
ngubak-ubak samodraning atiku,
bening padhange wus brahala!

Segarasih luber cuwer,
mbludak tanpa binendhung.
pancandriya pun wosing tyas,
blegermu kang ngulandara.

Dhuh Laila banoncinawi,
Sang Majnun wus brahala,
nandhang lelara,
lelaraning manah kapanah hasmara.
Ginusti latuning hasmara!

(Dening : Rinda Asy Syifa, kapethik saking PANJEBAR SEMANGAT 2011)



»»  READMORE...