Rabu, 12 Oktober 2011

Kang tak puja Kang tak puji



Kang tak puja kang tak puji,
kang tak sembah kang tak abdi.

Sabenining hasta warih mili,
ya suku kalawan surya piniji,
maes pethaking putih.

Tak suntak sakabehing wadi,
jroning ening swaraning esepi,
munajatku Hyang Widhi

Kang tak puja kang tak puji,
kang tak sembah kang tak abdi

(Dening : Rinda Asy Syifa, kapethik saking JAYA BAYA 2011)




»»  READMORE...