Kamis, 16 Februari 2012

Sarung Emas



Mendhung katon sangsaya peteng dhedhet. Angin kang maune amung sembribit dadi grusa-grusu angajak wit-witan mosak masik. Suket alang-alang padha reruketan, sakaya ana samubarang kang diwedeni. Dalan cilik lempeng nuju mejid katon sepi, amung ana kewan-kewan cilik resrespa kang pating saliwer. Wewayangane pager tetean wis ora cetha maneh. Sumoroting lampu latar mejid angujiwat kumedhep-kedhep kena tumiyunge godhong gedhang. Mejid kang ora gedhe kuwi isih sepi, sanajan ta lampu-lampune wis padha murup. Amung ana sawongan kang ana kono.
“Shalatullah salamullah…”, pawongan lanang kang dhewekan ana mejid kuwi rengeng-rengeng solawatan sinambi ngisi bak wudhu kanthi nimba ana sumur. Pancen wis biasane dheweke ngurusi mejid kuwi. Wiwitane durung suwe, wetara telung wulan kepungkur.
Bak wudhu kang awujud padasan wis kaisi kabeh. Pawongan lanang mau banjur leren anggone gegawean, lungguh ana tritisaning mejid. Panyawange adoh tumuju sawah kang ana sangarepe mejid kaletan dalan cilik lan kalen. Swasana kang banget adhem lan mendhung, ndadekake atine sangsaya atis. Pikirane mbalik ana pirang-pirang wulan kepungkur nalika dheweke isih bisa guyon bebarengan karo bapak ana sawah kana. Yen nalika kuwi dheweke sigra tumandang, mesthine saiki dheweke isih bisa ngrasakake guyon karo bapake ana sawah. Kuwi mono kang ana ing pikirane.
“Hyaaaaa!!!”, tumadakan ana bocah lanang cilik mbengok sinambi nablek. Sing ditablek kaget njenggirat.
“Ana apa ta, dhik?? Kok ngaget-ngageti aku?”
“Halah…. Mas kuwi saiki yen sore gaweane ngalamun ndelok sawah, apa kurang gawean? Surup-surup kok ngalamun!”, Zaky, bocah lanang kuwi, njiwit lengene kakange.
“Kenea, lungguh kene, cah cilik kok methakil”, tangane siap arep nggeret adhine kang isih ngadeg jejeg ana pinggire.
“Mas Soleh mesthi arep mbahas bapak, iya ta?”, Zaky nginggati geretane kakange, banjur niggling tumuju papan kanggo wudhu sinambi nyampirake sarung ana pundhake.
Soleh amung gedheg-gedheg weruh polahe bocah kelas lima SD kuwi. Nanging dheweke ora nututi adhine, pancen wis jatahe dina iki adhine adzan, mula kudu wudhu dhisik. Soleh lumaku ana pelataran mejid. Suket-suket cilik sangsaya ngebaki latar. Siji loro malah wis ana kembang ceprik-ceprik cilik werna kuning.
“Mas, ndang wudhu!! Mengko bar maghriban njur ngetan!”, swarane Zaky nggugah ngalamune Soleh.
***
“Bu, pripun kabare bapak?”, Soleh ngambung tangane ibune. Zaky nirokake kakange nyalami ibune.
“Wau Mas Soleh ngalamun terus ten mejid, Bu!”, bocah lanang cilik kuwi wadul karo ibune babagan kakange sinambi mbenakake peci ireng ana sirahe. Ibune amung mesem krungu wadulane anak ragile.
“Masmu kuwi mikirake bapak, Le”, ibune ngrangkul Zaky, ngelus-elus pecine.
“Lha bapak niku ditengga kok boten kondur-kondur”, ujare Zaky.
Ibune meneng, nyawang anak lanange sakloron, banjur nyawang wong kang turon ana kasur sisihe. Socane ibu nyorotake tresna kang banget gedhene. Waspane meh wae tumiba, trenyuh ngrasakake lelakon urip  kang ora gampang. Wis rong minggu semahe ora bisa apa-apa, amung bisa turon. Kawite nalika telung wulan kepungkur semahe kepleset ana kalen. Samparane kang kiwa kecethit, ananging wektu kuwi piyambake ora sambat apa-apa, kabeh mau amung dirasakake dhewe, lumakune rada pincang. Sanajan pincang, nanging semahe kuwi ora kersa disuwunke obat. Nganti tekane rong minggu kepungkur piyambake blas ora bisa ngadeg. Banjur digawa menyang rumah sakit. Miturut katrangane dhokter, dina iki kasile diagnosa bakal dadi.
“Bu, wis aja dipenggalih banget-banget. Wis, ben bocah-bocah dikandhani wae”, semahe kang kawit mau meneng wae nuli ngendika. Bocah loro kang ngerteni yen bapake ora lagi sare banjur nuju kasur, nyalami bapake.
“Pak, Bu, Soleh siap nampi napa mawon kasile diagnosa dhokter”, Soleh lungguh ana jejere ibune.
Bapak lan ibune sawang sinawangan. Atine Bu Suti nggraita apa anak-anake padha bisa nampa kahanan kuwi. Gek sida, gek ora. Yen dikandhake, Bu Suti kuatir ndadekake sedhihe anak-anake. Yen ora dikandhake, ora wurunga sesuk bakal ngerti dhewe lan gawe kuciwa atine anak-anake. Waspane Bu Suti tumiba ana jilbab biru kang nutupi dhadhane. Pak Rusdi mesem weruh semahe nangis. Pancen yen atine lanang kuwi luwih bisa tegar ngadhepi kahanan.
“Wis, Bu, ora usah ditangisi, iki dalan paling apik”, Pak Rusdi ngayem-yem semahe.
“Enten napa ta, Pak, Bu??”, Soleh ora sranta pengen ngerti kahanan kang temenan.
“Mangkene, Le”, Bu Suti ngulapi waspane, banjur mendhet amplop soklat gedhe ana laci meja. Ana amplop kuwi tinulis “Foto Rongten”.
“Napa niku, Bu?”, Zaky kang durung ngerti bab kedhokteran melu nyedhaki ibune.
“Balung samparane bapakmu pancen wis ora apa-apa, ning syarafe sing kena”, Bu Suti nudhuhake foto rongten kang nggambarake samparane Pak Rusdi.
“Merga kuwi, bapakmu bakal……”, Bu Suti madheg anggone ngendika. Nyawang anake sakloron kang ana sisih kiwa lan tengene. Soleh lan Zaky amung meneng lan bingung, ngenteni ibune nutugake ngendika.
“Bapak bakal napa, Bu?”, Zaky lan Soleh meh bebarengan nywara.
“Bapakmu bakal ngaso ana kursi kuwi”, bareng wis sauntara suwe meneng Bu Suti banjur nutugake ujarane sinambi nyawang kursi roda ana pojok ruang kuwi.
Krungu katrangane ibune, Soleh mak cep klakep ora bisa ngomong apa-apa. Atine garuh ora karuan, ngerteni yen bapake bakal kaya mangkono. Yen mangkono, banjur apa bisa bareng-bareng nggarap sawah maneh, ngrumat mejid ana ngarep omah maneh, sapa kang bakal nggendhong Zaky yen ora bisa mlumpat kalen. Ora krasa luhe netes ana pipine.
“Le, aja toktangisi kahanan iki. Bapak ikhlas nrima sakabehe. Iki bakal dadi dalan paling apik tumrap kabeh. Wiwit saiki apa-apa kang ora bisa taklakoni, kowe cah loro kang bakal nerusake. Wis wayahe latian urip, Le”, Pak Rusdi ngelus-elus saklorone kang isih ndhingkluk ana sisihing kasur.
“Bu, jupukna sarung kae”, Pak Rusdi mrentah semahe supaya njupuk sarung kang wis disiapake kanggo Soleh. Bu Suti nuli mendhet sarung kang isih dibungkus plastik ana dhuwur meja, banjur dicaoske semahe.
“Soleh, iki sarung kanggo kowe. Wiwit saiki kowe kudu bisa nggenteni bapak ngurusi mejid, dadia imam kang bisa tinuladha”, Pak Rusdi maringake sarung werna soklat kahias motif werna kuning emas kang biyen biasane diaanggo nalika dadi imam ing mejid.
***
            “Assalamu’alaikum!!”, Zaky mlayu saka lurung nuju teras ngomah. Sikile gebol lendhut, kaose wis kebak tlutuh soklat-soklat, kringete ngebaki awak. Ewa semana Zaky katon bungah lan seneng ngewangi gaweane bapake nggarap sawah. Pak Rusdi kang lagi maca Koran ana teras ngomah mesem seneng weruh anake wis bisa sumringah maneh saploke wingi sore mulih saka rumah sakit.
“Wa’alaikumussalam. Kakangmu ngendi, Le? Kok dhewekan?”
“Mas Soleh ten wingking nika, Pak. Pak, niki telane ajeng dimasak napa?”, Zaky age-age nudhuhake tela kang gedhe-gedhe marang bapake.
“Wis kana wenehna ibumu wae, njur kowe gek ndang adus, mengko sedhela maneh cekat-ceket nyang mejid”
“Oke, Pak!”
Zaky banjur reresik awak. Bu Suti ngolah tela. Soleh kang lagi wae tekan ngomah uga banjur adus lan tata-tata nyang mejid. Sore kuwi tibane Soleh kudu latian kaya bapake, bisa dadi imam. Sarung emas paringane bapake wis dicepakake ana kamar.
“Pak, mangke menawi kula salah, pripun?”, turut dalan Soleh sambat marang bapake sinambi nyurung kursi roda. Pancene Pak Rusdi uga isih melu sholat jama’ah ana mejid, sanajan ta sholat ana kursi roda.
“Aja kuwatir, Le. Bapak yakin, kowe mesthi isa”, Rak Rusdi ngyakinake anak lanange.
“Iya, Mas..! Lha wong wis nganggo sarung emas kok ndadak sambat! Hehehe..”, Zaky lugu nggeret sarunge kakange, usil.
           
            Sore kuwi ora kaya sore-sore kapungkur. Mejid kanthi tulisan “Al Huda” ana ndhuwuring lawang kuwi rame. Wiwit bocah cilik nganti wong tuwa akeh kang wis padha ngebaki mejid. Ana sisih barisan ngarep pojok tengen ana pawongan lanang mangagem peci putih lan koko krem sarta sarung coklat, lenggah ana kursi roda. Ana sisih barisan mburi ana bocah-bocah cilik padha gegojegan lirih.
            “Le, ndang adzan”, Pak Rusdi ngundang Zaky kang kawit mau gojegan karo kanca-kancane.
            “Nggih, Pak”
            Ora sauntara suwe sawise Zaky adzan lan qomah, nuli Soleh ngadheg ana sisihing mimbar, ana papan kanggo imam. Sadurunge Soleh miwiti sholat, Soleh ninguk marang bapake, weruh bapake manthuk-manthuk Soleh ayem. Banjur ninguk marang ibune ana barisan wadon buri kana, ibune mesem nyasmitakake yen Soleh wis pantes. Kanthi nganggo sarung emas paringane bapake, wis negesi Soleh kudu bisa kaya bapake, dadi pemimpin.
“Allahu akbar”, Soleh miwiti sholat.

(Dening : Rinda Asy Syifa)
»»  READMORE...