Salah sawijining
dina, ing satengahing alas, ana kucing lagi golek pangan. Kucing kuwi mlaku turut
dalan cilik, sinambi nembang, “Aku Sipus, aku Sipus, aku Sipus. Sipus sing
paling bagus, pinter nyanyi, ora ana sing ngalahke aku. Aku Sipus, aku Sipus,
aku Sipus.” Kucing kang lagi mlaku kuwi pancen gembagus, warna wulune putih, perangan
weteng lan buntute ana warna semburat ireng, mripate mencirit, suarane gagah.
Kahanan awak kang kaya mangkono kuwi dadekake Sipus kumalungkung. Sipus ngrasa
yen awake kang paling apik, paling pinter. Saben dina tembangane ya mung kuwi. “Aku
Sipus, aku Sipus, aku Sipus. Sipus sing paling bagus, pinter nyanyi, ora ana
sing ngalahke aku. Aku Sipus, aku Sipus, aku Sipus.”
“Ah…aku ngelih,
pengen maem iwak.”, Sipus banjur tumuju kali sapinggiring alas. Satekane ing
pinggir kali, kucing kuwi leyeh-leyeh sangisore wit. “Fyuh…sayah. Aku tak
leyeh-leyeh dhisik ah”. Angine sumilir sumbribit, ndadekake kucing kuwi ngrasa
lier-lier ngantuk.
Teka-teka, ana
godhong tiba, pas nibani buntute Sipus. “Gandrik…!! Wah, jan..ngaget-ngageti!!”,
ucape Sipus njenggirat kaget merga buntute krasa grisi ketibanan godhong waru.
Sipus malah muna-muni
dhewe, ndremimil. Godhong mau banjur ditendhang kecemplung kali. “Huh…aku ki
lagi bersantai, malah dikaget-kageti. Lunga kana..!”, celathune Sipus. Godhong
mau dicemplungake kali. Sajak ora ngerti yen ing godhong kuwi ana omah
ngangkrang. Godhong mau kecemplung kali, nanging kesangkut ana ing antarane
watu-watu gedhe satengahing kali.
“Alhamdulillah…untung
godhong iku kesangkut nang watu-watu gedhe. Coba yen kentir bablas kegawa iline
banyu, mbuh wis kaya ngapa awakku iki,” ucape semut ngangkrang cilik kang ana
ing godhong waru mau. Nanging saikine semut kuwi bingung olehe arep nyebrang
tekan pinggir. “Haduh….watu iki adoh saka pinggir kali, kepiye olehku nyebrang”,
Semut ngankrang bingung.
Srengenge
tansaya dhuwur. Sipus kang kawit mau leyeh-leyeh banget anggone ngrasa luwe. Sipus
banjur ngadeg sapinggiring kali, nganti-anti yen ana iwak liwat banjur dicakar.
Durung suwe anggone ngenteni iwak liwat, ana Siti, tikus cilik. Siti mara ing
kali kuwi perlune arep ngombe banyu sapinggiring kali.
“Huss…! Ngapa
kowe ngombe nang kene. Awakmu kuwi mambu, ngambon-amboni banyu kali kene. Lunga
kana…! Ambumu kuwi marakke iwak-iwak ora gelem liwat”, Sipus ngurak Siti kang
lagi arep ngombe. Nanging Siti tetep ana kono, ora gelem lunga.
“Meeeeoooowngg..aaaarrkh..!”,
kucing sombong kuwi meden-medeni tikus supayane lunga. “Tikus mambu..!! Lunga!”,
urake kucing.
Weruh Sipus nesu
kuwi, Siti mlayu munggah wit. “Hiiiiiiiii…..iiih jan, kucing sombong, galak!”,
grundhele tikus ana ndhuwur wit.
“Nah,
lunga..kana. Yen wis ngene ki rak ya ora ana kang ngambon-amboni”, ucape
kucing.
Kucing kuwi
banjur neruske anggone golek iwak sinambi nembang. “Aku Sipus, aku Sipus, aku
Sipus. Sipus sing paling bagus, pinter nyanyi, ora ana sing ngalahke aku. Aku
Sipus, aku Sipus, aku Sipus.”
Nalikane Sipus
lagi asyik ngadhang iwak, saka tengah kali keprungu suara tangis. “huhuhu…huks..hiks..”,
suara tangis kuwi sansaya cetha.
Kucing banjur
muni, “He…sapa kang nangis nang tengah kali??!”. Dhasare kaline amba, kucing
mau rada ora weruh yen satengah kali ana semut kang lagi nangis ana ndhuwur
watu.
“Aku….!”, wangsulane
Simut.
“Hah? Kowe
sapa?”, pitakone Sipus rada sero.
“Aku Simut. Aku
nang ndhuwur watu tengah kali, ora bisa nyebrang minggir”, ngangkrang cilik
kuwi mbengok. “Tulungana aku…!”, panjaluke Simut.
“Apa? Apa? Apa?
Nulungi kowe?”, Sipus nyauti panjaluke Simut kanthi cengengesan. “Eman-eman
wuluku…mengko yen aku mrono njuk wuluku teles, eman-eman. Hahahaha…”, Sipus
malah ngguyu ngakak.
Saka dhuwur wit
mau, Siti weruh kedadean kuwi. Atine mangkel weruh tumindake Sipus kang
mangkono kuwi. Sipus wis kalangkung anggone sombong. Mula Siti pengen gawe
Sipus sadar.
Saka ndhuwur
wit, Siti ngrikiti pang kayu kang mulung pas sandhuwure Sipus. Kayu kang
dikritiki mau metu tlutuhe. Tlutuh kuwi netes-netes, netesi awake Sipus. “Heh..apa
iki netesi aku?!”, Sipus kaget. Sipus ra nglegewa yen wit kuwi duweni tlutuh
warna soklat lan yen wis gupak angel diilangi.
“Pus, saiki
wulumu tambah apik, warnane dadi ireng, putih, soklat!”, kandhane Siti saka
dhuwur uwit.
“Ho’o pa?
Wah…mesthi aku tambah ayu ya…”, guneme Sipus karo sajak ke-GR-an.
“Ayu
tenan…sip!”, celathune Siti, nggawe seneng atine Sipus. “Nah, gandheng saiki
wis tambah ayu, tulungana Simut kae”, panjaluke Siti.
“Nulungi Simut
cilik elik kae?! Oh…sory ya..!”, wangsulane Sipus.
“Pelit, sombong,
aku ora arep kekancanan karo kowe!”, Siti mbengok.
“Ora ya wis..”, unine
Sipus sinambi mlaku lunga saka papan kono.
Bareng Sipus wis
lunga, Siti nulungi Simut. Siti nibakake pang kayu kareben kanggo wot Simut
tumuju pinggir kali. “Mut, iki tak tibani pang, nggonen wot mrene”, kandhane
Siti. “Yoh, matur nuwun ya..”, Simut sumringah.
***
Dina candhake. Sipus
mlaku-mlaku turut lurung sinambi nembang. “Aku Sipus, aku Sipus, aku Sipus.
Sipus sing paling bagus, pinter nyanyi, ora ana sing ngalahke aku. Aku Sipus,
aku Sipus, aku Sipus.” Aku Sipus, aku Sipus, aku Sipus. Saiki wuluku werna
telu, aku paling bagus, paling ngganteng”, tembangane Sipus sansaya kumalungkung
saploke ditetesi tlutuh.
Ana dalan Sipus
ketemu Siti, “Hei, aku bagus tenan ta? Aku paling ngganteng ta?”, pitakone Sipus
marang Siti. Siti mung manthuk-manthuk, “hemm..”, wangsulane. Sipus banjur nerusake
lakune.
Simut kang kawit
mau ndhelik ana mburine Siti, muni, “Sipus bodho! Ra ngerti pa yen kucing kang wulune
werna telu kuwi akeh digoleki manungsa! Haha..”. Sipus pancen bodho, ra ngerti
yen wulune kang dadi telung werna kuwi mbebayani tumrap awake.
Ora let suwe, ana
manungsa kang lagi berburu. “Wah…! Ana kucing kembang telon..! Dakcekele”, ucape
manungsa kuwi sajak arep nyekel Sipus kang lagi pamer kuwi. “Pus…pus...pus…wulumu
kok apik, apik tenan, ngguanteeeng..!”, manungsa gedhe dhuwur kuwi ngrayu
supayane Sipus gelem nyerak.
Sipus kang
sipate sombong sansaya bungah atine, banjur nyeraki manungsa kuwi. Nalikane
Sipus wis cerak, manungsa kuwi ngetokake karung banjur nyekel Sipus dilebokake
karung. “Meeeoooowng…arrrrkh..!!”, Sipus njerit-njerit ana jero karung. Sipus
digawa menyang kutha marang manungsa kuwi. Weruh kedadean kuwi, Siti lan Simut
mung cekikikan.
(Dening : Rinda Asy Syifa, kapethik saking DJAKA LODANG edisi 25 Agustus 2012)