Selasa, 08 Mei 2012

Aturku



Aturku marang ruhku
Ruhku kang tansah sesimpuh
Sesimpuh marang Gusti
Iya Gustine tiyang sepuh

Aturku marang ruhku
Ruh kang wus tinelesan luh
Luh tan nora linangkung mulya waspa ibu
Nalika angrumat anggaku

Aturku marang ruhku
Wujudna tresna marang ibu
Sinasmita lelakonmu
Pisungsungan kanggo ibu

Aturku marang ibuku
Matur nuwun


Kuningan, 08 Mei 2012
»»  READMORE...

Kamis, 16 Februari 2012

Sarung Emas



Mendhung katon sangsaya peteng dhedhet. Angin kang maune amung sembribit dadi grusa-grusu angajak wit-witan mosak masik. Suket alang-alang padha reruketan, sakaya ana samubarang kang diwedeni. Dalan cilik lempeng nuju mejid katon sepi, amung ana kewan-kewan cilik resrespa kang pating saliwer. Wewayangane pager tetean wis ora cetha maneh. Sumoroting lampu latar mejid angujiwat kumedhep-kedhep kena tumiyunge godhong gedhang. Mejid kang ora gedhe kuwi isih sepi, sanajan ta lampu-lampune wis padha murup. Amung ana sawongan kang ana kono.
“Shalatullah salamullah…”, pawongan lanang kang dhewekan ana mejid kuwi rengeng-rengeng solawatan sinambi ngisi bak wudhu kanthi nimba ana sumur. Pancen wis biasane dheweke ngurusi mejid kuwi. Wiwitane durung suwe, wetara telung wulan kepungkur.
Bak wudhu kang awujud padasan wis kaisi kabeh. Pawongan lanang mau banjur leren anggone gegawean, lungguh ana tritisaning mejid. Panyawange adoh tumuju sawah kang ana sangarepe mejid kaletan dalan cilik lan kalen. Swasana kang banget adhem lan mendhung, ndadekake atine sangsaya atis. Pikirane mbalik ana pirang-pirang wulan kepungkur nalika dheweke isih bisa guyon bebarengan karo bapak ana sawah kana. Yen nalika kuwi dheweke sigra tumandang, mesthine saiki dheweke isih bisa ngrasakake guyon karo bapake ana sawah. Kuwi mono kang ana ing pikirane.
“Hyaaaaa!!!”, tumadakan ana bocah lanang cilik mbengok sinambi nablek. Sing ditablek kaget njenggirat.
“Ana apa ta, dhik?? Kok ngaget-ngageti aku?”
“Halah…. Mas kuwi saiki yen sore gaweane ngalamun ndelok sawah, apa kurang gawean? Surup-surup kok ngalamun!”, Zaky, bocah lanang kuwi, njiwit lengene kakange.
“Kenea, lungguh kene, cah cilik kok methakil”, tangane siap arep nggeret adhine kang isih ngadeg jejeg ana pinggire.
“Mas Soleh mesthi arep mbahas bapak, iya ta?”, Zaky nginggati geretane kakange, banjur niggling tumuju papan kanggo wudhu sinambi nyampirake sarung ana pundhake.
Soleh amung gedheg-gedheg weruh polahe bocah kelas lima SD kuwi. Nanging dheweke ora nututi adhine, pancen wis jatahe dina iki adhine adzan, mula kudu wudhu dhisik. Soleh lumaku ana pelataran mejid. Suket-suket cilik sangsaya ngebaki latar. Siji loro malah wis ana kembang ceprik-ceprik cilik werna kuning.
“Mas, ndang wudhu!! Mengko bar maghriban njur ngetan!”, swarane Zaky nggugah ngalamune Soleh.
***
“Bu, pripun kabare bapak?”, Soleh ngambung tangane ibune. Zaky nirokake kakange nyalami ibune.
“Wau Mas Soleh ngalamun terus ten mejid, Bu!”, bocah lanang cilik kuwi wadul karo ibune babagan kakange sinambi mbenakake peci ireng ana sirahe. Ibune amung mesem krungu wadulane anak ragile.
“Masmu kuwi mikirake bapak, Le”, ibune ngrangkul Zaky, ngelus-elus pecine.
“Lha bapak niku ditengga kok boten kondur-kondur”, ujare Zaky.
Ibune meneng, nyawang anak lanange sakloron, banjur nyawang wong kang turon ana kasur sisihe. Socane ibu nyorotake tresna kang banget gedhene. Waspane meh wae tumiba, trenyuh ngrasakake lelakon urip  kang ora gampang. Wis rong minggu semahe ora bisa apa-apa, amung bisa turon. Kawite nalika telung wulan kepungkur semahe kepleset ana kalen. Samparane kang kiwa kecethit, ananging wektu kuwi piyambake ora sambat apa-apa, kabeh mau amung dirasakake dhewe, lumakune rada pincang. Sanajan pincang, nanging semahe kuwi ora kersa disuwunke obat. Nganti tekane rong minggu kepungkur piyambake blas ora bisa ngadeg. Banjur digawa menyang rumah sakit. Miturut katrangane dhokter, dina iki kasile diagnosa bakal dadi.
“Bu, wis aja dipenggalih banget-banget. Wis, ben bocah-bocah dikandhani wae”, semahe kang kawit mau meneng wae nuli ngendika. Bocah loro kang ngerteni yen bapake ora lagi sare banjur nuju kasur, nyalami bapake.
“Pak, Bu, Soleh siap nampi napa mawon kasile diagnosa dhokter”, Soleh lungguh ana jejere ibune.
Bapak lan ibune sawang sinawangan. Atine Bu Suti nggraita apa anak-anake padha bisa nampa kahanan kuwi. Gek sida, gek ora. Yen dikandhake, Bu Suti kuatir ndadekake sedhihe anak-anake. Yen ora dikandhake, ora wurunga sesuk bakal ngerti dhewe lan gawe kuciwa atine anak-anake. Waspane Bu Suti tumiba ana jilbab biru kang nutupi dhadhane. Pak Rusdi mesem weruh semahe nangis. Pancen yen atine lanang kuwi luwih bisa tegar ngadhepi kahanan.
“Wis, Bu, ora usah ditangisi, iki dalan paling apik”, Pak Rusdi ngayem-yem semahe.
“Enten napa ta, Pak, Bu??”, Soleh ora sranta pengen ngerti kahanan kang temenan.
“Mangkene, Le”, Bu Suti ngulapi waspane, banjur mendhet amplop soklat gedhe ana laci meja. Ana amplop kuwi tinulis “Foto Rongten”.
“Napa niku, Bu?”, Zaky kang durung ngerti bab kedhokteran melu nyedhaki ibune.
“Balung samparane bapakmu pancen wis ora apa-apa, ning syarafe sing kena”, Bu Suti nudhuhake foto rongten kang nggambarake samparane Pak Rusdi.
“Merga kuwi, bapakmu bakal……”, Bu Suti madheg anggone ngendika. Nyawang anake sakloron kang ana sisih kiwa lan tengene. Soleh lan Zaky amung meneng lan bingung, ngenteni ibune nutugake ngendika.
“Bapak bakal napa, Bu?”, Zaky lan Soleh meh bebarengan nywara.
“Bapakmu bakal ngaso ana kursi kuwi”, bareng wis sauntara suwe meneng Bu Suti banjur nutugake ujarane sinambi nyawang kursi roda ana pojok ruang kuwi.
Krungu katrangane ibune, Soleh mak cep klakep ora bisa ngomong apa-apa. Atine garuh ora karuan, ngerteni yen bapake bakal kaya mangkono. Yen mangkono, banjur apa bisa bareng-bareng nggarap sawah maneh, ngrumat mejid ana ngarep omah maneh, sapa kang bakal nggendhong Zaky yen ora bisa mlumpat kalen. Ora krasa luhe netes ana pipine.
“Le, aja toktangisi kahanan iki. Bapak ikhlas nrima sakabehe. Iki bakal dadi dalan paling apik tumrap kabeh. Wiwit saiki apa-apa kang ora bisa taklakoni, kowe cah loro kang bakal nerusake. Wis wayahe latian urip, Le”, Pak Rusdi ngelus-elus saklorone kang isih ndhingkluk ana sisihing kasur.
“Bu, jupukna sarung kae”, Pak Rusdi mrentah semahe supaya njupuk sarung kang wis disiapake kanggo Soleh. Bu Suti nuli mendhet sarung kang isih dibungkus plastik ana dhuwur meja, banjur dicaoske semahe.
“Soleh, iki sarung kanggo kowe. Wiwit saiki kowe kudu bisa nggenteni bapak ngurusi mejid, dadia imam kang bisa tinuladha”, Pak Rusdi maringake sarung werna soklat kahias motif werna kuning emas kang biyen biasane diaanggo nalika dadi imam ing mejid.
***
            “Assalamu’alaikum!!”, Zaky mlayu saka lurung nuju teras ngomah. Sikile gebol lendhut, kaose wis kebak tlutuh soklat-soklat, kringete ngebaki awak. Ewa semana Zaky katon bungah lan seneng ngewangi gaweane bapake nggarap sawah. Pak Rusdi kang lagi maca Koran ana teras ngomah mesem seneng weruh anake wis bisa sumringah maneh saploke wingi sore mulih saka rumah sakit.
“Wa’alaikumussalam. Kakangmu ngendi, Le? Kok dhewekan?”
“Mas Soleh ten wingking nika, Pak. Pak, niki telane ajeng dimasak napa?”, Zaky age-age nudhuhake tela kang gedhe-gedhe marang bapake.
“Wis kana wenehna ibumu wae, njur kowe gek ndang adus, mengko sedhela maneh cekat-ceket nyang mejid”
“Oke, Pak!”
Zaky banjur reresik awak. Bu Suti ngolah tela. Soleh kang lagi wae tekan ngomah uga banjur adus lan tata-tata nyang mejid. Sore kuwi tibane Soleh kudu latian kaya bapake, bisa dadi imam. Sarung emas paringane bapake wis dicepakake ana kamar.
“Pak, mangke menawi kula salah, pripun?”, turut dalan Soleh sambat marang bapake sinambi nyurung kursi roda. Pancene Pak Rusdi uga isih melu sholat jama’ah ana mejid, sanajan ta sholat ana kursi roda.
“Aja kuwatir, Le. Bapak yakin, kowe mesthi isa”, Rak Rusdi ngyakinake anak lanange.
“Iya, Mas..! Lha wong wis nganggo sarung emas kok ndadak sambat! Hehehe..”, Zaky lugu nggeret sarunge kakange, usil.
           
            Sore kuwi ora kaya sore-sore kapungkur. Mejid kanthi tulisan “Al Huda” ana ndhuwuring lawang kuwi rame. Wiwit bocah cilik nganti wong tuwa akeh kang wis padha ngebaki mejid. Ana sisih barisan ngarep pojok tengen ana pawongan lanang mangagem peci putih lan koko krem sarta sarung coklat, lenggah ana kursi roda. Ana sisih barisan mburi ana bocah-bocah cilik padha gegojegan lirih.
            “Le, ndang adzan”, Pak Rusdi ngundang Zaky kang kawit mau gojegan karo kanca-kancane.
            “Nggih, Pak”
            Ora sauntara suwe sawise Zaky adzan lan qomah, nuli Soleh ngadheg ana sisihing mimbar, ana papan kanggo imam. Sadurunge Soleh miwiti sholat, Soleh ninguk marang bapake, weruh bapake manthuk-manthuk Soleh ayem. Banjur ninguk marang ibune ana barisan wadon buri kana, ibune mesem nyasmitakake yen Soleh wis pantes. Kanthi nganggo sarung emas paringane bapake, wis negesi Soleh kudu bisa kaya bapake, dadi pemimpin.
“Allahu akbar”, Soleh miwiti sholat.

(Dening : Rinda Asy Syifa)
»»  READMORE...

Minggu, 22 Januari 2012

Ngepit Mulih Alon



mandhega, mandheg bantermu
rerodan muyir muter lerema
pepedhal antenga ayun-ayune
hanyengklak pesthi gedhebruge
mila mandhega
prelune awak iki nyedhaki
ancik-ancik dhingklik apa mancat jalu
yen wus tinumpang ing papane
mlayua mlajer alon
tinuju ngomah mulih griya
ngepit mulih alon
nggronjala kae liwatana sareh
mila gusti bakal paring kasaenan
ing griya ngomah beciking akerat

Kuningan, 22 Januari 2012
»»  READMORE...

Kamis, 12 Januari 2012

Wus Mari Mangsa


                                          
 lumantar samirana kang ngelus-elus roning wit randhu
daksawang nora bisa anteng, mosak masik
sasat kitiranku dinamu damu
samya roning klapa ngawe-awe ngajak beksan
jejogedan ing silir sumilirining bayu
dolanan krupuk-krupukan sajimpit ron kelor
miku tali putri dawa kairis-iris
mangsak siti ngabrit-abrit kena jati
playon satengahing pari pantun

witing randhu wus mari mangsa
kitiran wus mari mangsa
beksan ron klapa wus mari mangsa
jogedaning bayu wus mari mangsa
krupuk kelor wus mari mangsa
tinali putri wus mari mangsa
siti tinabrit jati wus mari mangsa
pari pantun wus mari mangsa

saikine, rumangsaku mangsaku ingkling
nglalui lurung adoh gepura hanyedhaki
nuju mangsa kadiwasan diri
ngenut sunahing Kang Murbeng Dumadi

Kuningan, 12 Januari 2012
»»  READMORE...

Senin, 09 Januari 2012

Wus Mesthine



Wus mesthine, 
Gusti Allah nora salah nulis skenario,
lakon-lakon kang padha playon,
anguyak samubarang wektu!

Wus mesthine,
Gusti Allah nora salah nulis skenario,
lakon-lakon kang padha ngadeg,
anyangga abote urip nang  donya!

Wus mesthine,
Gusti Allah nora salah nulis skenario,
lakon-lakon kang padha ngglundhung,
ngiteri jagad golek upa!

Wus mesthine,
Gusti Allah nora salah nulis skenario,
lakon-lakon kang padha nyenyadhong,
nyuwun panduming pangupajiwa…
Nganti tumekane titi wanci
lakon-lakon padha dadya layon.

(Dening : Rinda Asy Syifa, kapethik saking PANJEBAR SEMANGAT 2011)
»»  READMORE...

Kamis, 24 November 2011

Giyaring Ringgit



Pakeliran wus norarupi pethak
Semu warna gadhing pating glethak
Soklat kalawan klawu mesthi nerak
Pakeliran iki wus rusak!

Blencong sangsaya mleret
Sunare wus kalingan reget
Cahyane katon mengkeret
Blencong iki ameh mak pet!

Apa maneh reringgitan kang pating jenggirat
Sigrak anggone obah waton kumlebat
Kepyake lamun kepyak bejat
Ringgit iki wus ora ngerti kiblat!

Ya sing mangkono kuwi ,
Ya sing rusak reget bejat!
Donyane wus rusak,
Atine wus reget,
Lamun tumindake bejat!


Kuningan, 24 November 2011
»»  READMORE...

Legereng



Salah sawijining dina, ing alas ana bocah wadon kang lagi golek kayu. Jenenge Legereng, omahe ana pinggir alas. Legereng pancen bocah kang sregep mbantu wong tuwa, saben awan mesthi golek kayu sawise ngirim dhaharan kanggo ramane kang ana sawah. Nalika lagi golek kayu, Legereng ketemu kidang. “Wee’e’e…ana kidang, kok le ayu tenan”, guneme Legereng. “Ha? Apa? Ayu? Aku lanang, mosok ayu...”, wangsulane si kidang. Legereng kaget weruh ana kidang bisa omongan. “Lha…kowe kok bisa ngomong? Omahmu ana ngendi, kidang lanang?”, pitakone Legereng. “Kae, nang guwa pinggir alas”, kidang lanang nyamauri. “Kebeneran, kae cerak karo sawahe ramaku. Kowe gelem kekancan karo aku ta? Saben ngirim rama aku ora duwe kanca”, panjaluke Legereng. Kidang lanang nyaguhi.
Esuk-esuk, Legereng tangi banjur nyiapake sarapan lan dhaharan kanggo ngirim ramane ana sawah. Wis dadi padatane, Legereng ngirim ramane arupa sega putih lan jangan gurih. Pancene Legereng wis ora duwe biyung. Biyunge wis seda. Mula sakabehane ditandhangi dhewe. Bareng wis samapta kabeh, Legereng banjur menyang sawah.
Ana ing dalan, Legereng kelingan marang kidang lanang. “Wah…kakang kidang lanang mesthi durung maem, maeman iki takwenehke kakang kidang lanang wae ah..”, batine Legereng. Bareng wis tekan sangarepe guwa, Legereng nembang kanggo ngundang kidang lanang supaya njedhul. “Kakang kidang lanang, ngetoka sedhela wae, kakang kidang lanang...”. “Ana apa? Esuk-esuk kok wis dolan?”, kidang lanang metu saka guwa. “Iki lho, kang, takgawakke maem”, kandhane Legereng. “Ooo…ya, ya, aku pancen durung maem. Matur nuwun ya”, Kidang lanang katon bungah digawakake maem. “Iya, kang. Sesuk saben esuk takteri maem. Saiki aku pamit ya, kang.”, kojahe Legereng.
Legereng mlaku menyang sawahe ramane, nggawa rantang kosong merga isine wis diwenehake kidang lanang. “Rama, sega putih jangan gurih wutah, rama”, turut dalan Legereng nembang nuduhake yen sega putih lan jangan gurihe wis ora ana, wutah nang ndalan. “Wutah ya wis, ora apa-apa, rasah bengak-bengok nang kono”, ngendikane ramane. Legereng banjur mulih.
Saben dina tumindak kang kaya ngono kuwi dilakoni Legereng. Saben arep ngirim ramane ana sawah, malah diwenehake kidang lanang. Sangsaya suwe ramane curiga. “Ana apa ta jan-jane iki? Kok saben-saben sega putih jangan gurih wutah. Wah, kudu diselidiki iki”, ramane sajak wis pirsa yen Legereng seneng ngapusi. Sawijing dina, ramane nginjen Legereng kang lagi mlaku menyang sawah. Ramane weruh Legereng mandheg ana guwa banjur celuk-celuk kakang kidang lanang. Legereng konangan anggone ngapusi ramane. “Woalah, gara-gara kidang kuwi njuk aku ora tau kejatah panganan ta”, batine ramane karo nginjen Legereng kang lagi guyon karo kidang lanang.
Ngerti kedadean kuwi, ramane banjur ethok-ethok dadi Legereng. Esuk njengkut ramane meyang ana guwa banjur celuk-celuk kaya Legereng nalika celuk-celuk kidang lanang. “Kakang kidang lanang, ngetoka sedhela wae, kakang kidang lanang”.  Bareng kidang lanang njedhul saka guwa, ramane Legereng ngetokake arit. “Kowe ta sing marakke anak wedokku seneng ngapusi?! Njuk aku ora tau dikirim?”, ramane Legereng sajak banget anggone nesu, karo babat gulune kidang lanang nganti mati. Kidang lanang banjur digawa menyang gubug, dimasak ana kono.
Legereng ora ngerti yen kidang lanang wis dipateni ramane. Kaya biasane Legereng nggawa rantang menyang guwa. “Kakang kidang lanang, ngetoka sedhela wae, kakang kidang lanang”. Wis bola-bali Legereng anggone celak-celuk ngundang kidang lanang, ananging kidang lanang ora njedhul-njedhul. “Ah..paling kakang kidang lanang lagi lunga,” batine Legereng sinambi mlaku menyang sawahe ramane. “Rama.. Sega putih jangan gurih teka, rama”, unine. “Mrene, rasah bengak-bengaok, iki aku masak enak-enakan”, ramane ngawe-awe Legereng. “Masak apa, rama?”, Legereng age-age mlayu. “Kae nang gubug, tilikana”, ngendikane ramane. Legereng weruh ana manci isine iwak, Legereng thelap-thelep mangan iwak. Nalika kuwi Legereng ora nyana yen sing dipangan kuwi iwak kidang, ora liya ya kidang lanang kancane mau. “Enak, rama!”, unine Legereng. “Meneh pa piye? Ke nang kuwali isih ana”, kandhane ramane. Legereng nuju kuwali sing isih temumpang dhuwur luweng, karepe arep nambah. Nalika dibukak, Legereng weruh sirah kidang lanang. “Rama ki piye horo, lha anake dhewe kok dibeleh!!”, Legereng kaget kepati. “Anake sapa? Kuwi sing mangani jatah sarapanku ta?”, ramane rada nesu. “Rama ki piye ta, kuwi ki kakang kidang lanang, kancaku”, Legereng sajak lega banget. “Wis, wis, rasah werna-werna. Nek kowe arep lunga ya lunga wae kana!”, ramane nundhung Legereng.
“Biyung, aku ditundhung rama, biyung..”, turut dalan Legereng nangis. Legereng mlaku nurut lurung. Saben ngliwati sawah, ana wit terong kang awoh gedhe-gedhe, Legereng nembung, “Enthit, sing nandur terong gedhe-gedhe iki sapa, enthit. Aku njaluk rak ya oleh, Enthit”. “Sing nandur aku ya wuk ya, pek en kabeh ya wuk ya, ngger dijoli”, kandhane wong kang ana sawah kuwi. Legereng banjur methiki terong. Bareng wis akeh, nuthugake lakune. Ora let suwe, weruh wit bayem lemu-lemu. “Enthit, sing nandur bayem lemu-lemu ‘iki sapa, enthit. Aku njaluk rak ya oleh, enthit”. Saben weruh tetanduran kang sehat subur, Legereng mesthi njaluk. Kabeh mau diwadhahi ana keranjang.
“Ah, sayah, ngaso dhisik”, Legereng wis kesayahen merga pirang-pirang dina mlaku wae. Satekane gunung, nang ngisor uwit Legereng nata janganan asile njaluk-njaluk ana sawah kae. Legereng dolanan bakul-bakulan dhewe, wis kaya uwong edan. Nalika lagi seneng bakul-bakulan, ana ula gedhe marani Legereng. “Ndhuk, kowe kok dolanan dhewe, tak kancani gelem ora”, ula kuwi nyedhaki Legereng karo omongan. “Eee…gandhrik!! Ula kok bisa omongan!”, Legereng kaget. “Ora usah wedi, aku ora bakal mangan kowe. Aku Siwa Ula”, unine ula gedhe kang gedhene meh padha wit kambil kuwi mau. “O, Siwa Ula. Ya kene, ngancani aku,” wangsulane Legereng. Saklorone banjur dolanan bareng.
Wanci wis wengi. “Wis wengi, Ndhuk. Apa kowe ora bali? Mengko rama-biyungmu nggoleki lho”, kandhane Siwa Ula. “Ora, aku ki ditundhung rama. Aku wis ora duwe biyung”, wangsulane Legereng, nyritakake kedadean kang njalari dheweke ditundhung. “Ya wis, yen ngono kowe turu nang ngomahku wae”, Siwa Ula ngajak Legereng nginep ana ngomahe. “Tenan pa, Siwa Ula? Ning janji, aku ora dipangan ta?”, Legereng bungah, duwe kanca Siwa Ula sing atine apik. “Ha’a, janji, aku ora bakal mangan kowe, wis ayo numpaka nang gegerku”. Legereng banjur numpak ana gegere Siwa Ula. Saklorone mlebu ana guwa gedhe omahe Siwa Ula.
Wis pirang-pirang dina Legereng nginep ana guwane Siwa Ula. Sawijining dina, Legereng ngrasa kangen ramane. “Siwa Ula, aku ki kangen karo ramaku, aku tak bali dhisik ya”, tembunge Legereng. “Ya, kene takterake”, Siwa Ula niate arep ngancani Legereng bali ana ngomahe. “Aja, mengko aku damuk rama, kekancan kok karo Ula, mengko ndhak kowe dipateni kaya kidang lanang”, kandhane Legereng. “Ya wis, ngati-ati, ndhuk”.
Legereng mlaku bali. Satekane ngomah, “Rama.. Legereng mulih, Rama”. “Dhuh, anaku wedok, mrenea,” keprungu swarane ramane saka kamar, swarane lirih sinambi watuk-watuk. Legereng kaget, banjur mlebu kamar. “Rama, kenging napa?”. “Seploke kowe lunga kae ramamu iki lara, ora ana sing ngladeni, ora ana kanca nang ngomah, kowe aja lunga meneh ya, Ndhuk”, kandhane ramane. “Nggih. Gerah napa ta, rama? Tak suwunke obat kalih Siwa Ula nggih”, Legereng ngglembuk ramane supaya kersa disuwunke obat. “Hus..Siwa Ula kuwi sapa? Mengko nek kowe dipangan kepiye”, ramane bingung. “Siwa Ula niku kanca kula, rama. Apikan kok”, Legereng njlentrehake bab Siwa Ula.
Sorene, Legereng mulih ana ngomahe Siwa Ula. “Siwa Ula, ramaku lagi gerah. Aku mbok digawekke obat”, tembunge Legereng nalika ketemu Siwa Ula. “Ya, kana gek golek kembang nang pager kuwi, gawanen mrene,” Siwa Ula nyaguhi gawekake obat. Legereng banjur methik kembang-kembang ana pager. “Iki, Siwa Ula”, ucape Legereng sinambi nudhuhake kembang sagegem. “Wis, teplekna nang epek-epekmu, takdamune”, printahe Siwa Ula marang Legereng. “Hialah, grisi e, Siwa Ula ki..!”, Legereng ngampet ngguyu nalika epek-epeke didamu Siwa Ula. “Wis menenga”. Bareng kabeh kembange wis didamu, Siwa Ula ngomong, “Kembang-kembang iki godhogen, banyune diombe nggo gawe obat”. “Ya, matur nuwun lho ya”, Legereng bungah wis entuk obat kanggo ramane, banjur pamit mulih.
“Rama, niki obate, saking Siwa Ula”, satekane ngomah kembang mau banjur digodhog lan disiapke ana gelas. “Ya, matur nuwun ya, Ndhuk,” ramane katon trenyuh weruh Legereng banget tresnane marang wong tuwa. “Nggih, rama, Legereng nyuwun ngapunten nggih, wingi pun damel dukane rama, Legereng  janji boten ngapusi malih”. “Iya, Ndhuk, aku ya njaluk ngapura wis mateni kancamu kidang lanang kae, aku yaw is nundhung kowe. Dingapura ya, Ndhuk”, kandhane ramane sinambi ngrangkul Legereng. Saklorone saiki urip guyup ayem.


(Dening : Rinda Asy Syifa, naskah Lomba Dongeng Sayembara Basa Jawa 2011 Pendapa Yudaningratan)



»»  READMORE...