Selasa, 09 November 2010

Ati-ati, Pengrusuh


[Selasa, 9 November 2010]
Dhek mau bengi aku melu latian klonengan. Ya mumpungane aku prei, mumpungane aku nang ngomah. Biyasane aku nang kos, mulih mung pendhak kemis apa jemuah, mengko mbalik yoja meneh dina minggu, dadi ora tau bisa melu latian. Ya iki aku mangket sepisanan.

Grimis ora nggawe aku wegah menyat. Bar ngisakan, aku langsung menyang daleme mbah Marto. Mbah Marto kuwi ya isih sedulurku, prenahe, mbah Marto kuwi maratuwane pakdheku. Aku mangkat diterke masku.

“Kula nuwun...”. “Mangga...”. Mak-dheg!! Aku langsung dadi bingung dhewe. Ana ruang kono wis akeh uwong, wis mulai nabuh, mung kedadak liren jalaran aku teka. Aku kenal. Apa maneh sing lenggah ngarep dhewe, kuwi guruku, guru basa jerman dhek biyen aku pas SMA. Walah.....

Aku ditakoni werna-werna, nggo basa jerman. Eladalaaaaahh.....aku ora ngerti apa artine. Walah, Pak Keman ki.. L

Marang guruku kuwi, aku crita ngenani kuliahku. Anane mata kuliah kerawitan, mata kuliah tembang, lan liyane...akeh. Aku ya matur yen aku nang kono mung arep melu ngrusuhi, merga aku ngerti yen kuwi lagi padha gladhi resik nggo pentas sesuk awan. Awale aku dikon melu Gerongi. Ning aku ora wani, durung tau. Njuk malah dikon ngendhang, ya padha wae, aku durung wani. Akire aku nuthuk kenong, merga sing ditugasi nuthuk kenong malah ora rawuh.Oke.

Takkira kepenak yen mung nuthuk kenong. Jebul uangel....aku bingung. Lha lagi pisan kuwi krungu gendhinge. Wis kaya gendhing nek nang wayangan kae. Ana sing nembangi barang. Gek mengko isih ana  istilah “dhawahan”, “srapag enem”, “ngelik”, apa apa apa, mbuh. Akeh banget istilah-istilah asing. Aku durung kenal. Apa maneh aku ora duwe cathethan dhewe, mula kau barengan karo mbokdhe Ceplis sing nuthuk kethuk nang sandhingku. Sethithik aku bisa. Ning mengko yen gerongane wis muni, wis ana keplok-keplok, wis mawut mawut, aku kelangan ketukan, njuk bubrah, njuk thuthuke tak glethake, tak tinggal mimik teh karo maem cemplon. Hahaha J

Wengi kuwi aku sinau akeh banget.. Sing marakke aku mawut mawut. Ana Ladrang Gonjing Miring, Ladrang Wahyu, Manyura Sewu, Witing Klapa, Asmarandana apa....ngono, liyane aku lali, kuwi kabeh sing arep nggo pentas sesuk awan, minangka nyambut tamu seka dinas sing arep mbiji desa tawangsari. Hiya, dudu desa tawangsarine, ning padukuhan Garang, padukuhanku. Dusun Garang katut lolos lomba POSDAYA tingkat nasional.

Aku ora melu urun apa-apa. Malah aku ngrusuhi anggone padha latian. Ati-ati, pengrusuh.
Hehe

Aku mung urun tenaga, ewang-ewang nang pawon, motokopi cathethan gendhing, +++ sie dokumentasi. J
Muga Sukses!!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar