Minggu, 27 Maret 2011

Wulan Mei


Aku ndheprok ana ing ruang ACnan sing kebak mahasiswa. Suara keplok lan ucapan selamat wis ora tak gagas. Tangan kiwaku nyekel kertas sabendhel, tangan tengenku nyekel cek sepuluh yuta. Aku nangis tanpa suara, ora merga kesenengen oleh dhuwit semono kuwi, nanging merga aku bingung olehku arep ngecakke dhuwit kuwi mau. Angen-angenku balik nalika aku krenggosan ngepit munggah gunung.
Nalika iku Bu Tum tindak menyang pasar, Dhik Dika ora melu. Aku sing lagi entas bali saka jogja langsung dolan ana omahe Wulan, mbakyune Dhik Dika. “Mbak Wul, ana Mbak Emem”, Suarane Dhik Dika nang teras nganti krungu tekan lurung anggonku nuntun pit merga ora kuat munggah. Pancene saking cerakke, Dhik Dika wis tak anggep kaya adhiku dhewe, undhang-undhanganku Mbak Emem. Durung aku nyetandarke pit, Dhik Dika wis njaluk gendhong, narik-narik klambiku. Aku mlebu ana ing ruang tengah, nang kono Wulan teturon karo ndelok tipi. Katone aku wis suwe ora dolan, seploke aku sibuk melu organisasi nang kampus wis telung minggu ora mudik. Wulan seneng banget weruh aku teka nggendhong Dhik Dika.
Aku karo Wulan banjur ngobrol ngalor ngidul. Ora kaya biasane, Wulan katon lemes, sapisan-pisan watuk. “Sakit apa, hayo?”,pitakonku. Wulan mung ngguyu karo njawab “ora, mung watuk......”. Durung rampung anggone njawab, bocah TK sing kawit mau nang pangkonku melu urun suara,”Mbak Wulan ki ra gelem mimik obat.” Wulan mesam-mesem krungu adhine wadul karo aku. Wis tak-rayu supayane Wulan gelem mimik obat, sanajan mung obat warung. Wulan tetep ora gelem.
Mbah Marta, sing lagi nggodhog wedang, mireng anggonku ngrayu Wulan. Mbah Marta ngendika, ”Kuwi lho mbak, Wulan ki angel nek dikon maem, mulakna awake entek, njajal dimaemke”. Aku nampa sega sapiring paringane Mbah Marta. Wulan tetep wae ora gelem takdulang. Aku nganti kenteken rayuan nggo ngrayu Wulan. Akire aku malah ndulang Dhik Dika.
Seminggu itunge saka wiwitan wulan mei, aku nganakake acara syukuran ana ngomahku, mergane aku wis ngancik umur wolulas taun. Kanca-kanca sing tak-undhang mung kanca cerak, cerak ati ya cerak omah. Aku sengaja ora ngandhani Wulan, aku ora arep gawe repote Wulan.
Bubar acara maem-maem bareng kanca-kanca, aku nyiapke rong kerdus maem nggo Wulan. Sore kuwi grimis, aku ngepit, kerdus loro kuwi mau tak-delehake kranjang. Bu Tum karo Mbah Marta katon bungah weruh aku teka. Pundhakku dielus-elus karo salaman. Pancene kuwi wis dadi kebiasaan saben aku dolan mrono. “Ndhuk, grimis-grimis ngene kok ya isih gelem dolan”, ngendikane Mbah Marta. Aku mung mesem, “Nggih, Mbah, namung ajeng nyaoske niki, maem ngge Mbak Wulan.” “Lhoh...kok kerdusan, acara apa?”, Bu Tum nampani kerdus loro kuwi mau. “Wau enten syukuran ulang taun, Bu, niki jatahe Mbak Wulan”. “Ndhuk, kowe kok gemati temen karo Wulan, matur nuwun ya Nduk ya. Kae Wulan isih durung mari watuk-watukke, malah wingi sambat sesek barang.” Bu Tum ngelus-elus pundhakku maneh. “Nggih, Bu, mugi-mugi mbak Wulan enggal mantun, purun maem malih.” Ujarku. Grimis saya deres, aku langsung pamitan, ora mlebu ngomah nemoni Wulan, aku mung titip salam karo Bu Tum.
Nang dalan aku mikirke Wulan, rayuanku seminggu kepungkur jebul durung ana kasile. Aku mbatin, apa kurang pas anggonku ngrayu supayane Wulan gelem priksa nang dokter, gelem maem, gelem mimik obat. Satekane omah, aku telpon Wulan. “Wul....awul..awulan..maeme dimaem ya. Hayo, kudu gelem. Mengko nek wis maem njuk priksa nang dokter ya, watuke durung mari ta? Mimik obat aja lali. Aku nduwe sureprise lho.... Ning kowe kudu mari dhisik. Nek durung mari ya ra sida” ujarku liwat telpon. Aku karo Wulan wis kancanan enem taun, wis lumrahe yen ngobrol mesthi ana guyone.
Wengi krasa adhem, jam nang hapeku wis nggambarke jam setengah siji. Aku cekat-ceket ngrampungke karya ilmiahku. Pikiranku semangat tenan mikir Wulan, yen karya ilmiahku iki menang, dhuwite bakal taknggo tuku kursi roda nggo Wulan. Aku mesakke Wulan, saben-saben arep lunga kudu digendhong. Critane, wis kawit cilik Wulan ora bisa mlaku, nanging Wulan iku bocahe pinter, mula mbiyen sekolahe nang sekolah umum bareng karo aku. Jam loro, alhamdulillah karya ilmiahku wis dadi. Aku enggal turu.
Dina kuwi aku kudu presentasi babagan karya ilmiahku. Isuk-isuk aku wis tekan kampus. Karo nunggu giliran presentasi, aku ngalamun. Aku SMSan karo Wulan, aku ngomong karo Wulan yen wengi kuwi aku ngimpi dolanan karo dheweke. Batinku wis ngrasa ra kepenak, merga aku jarang banget ngimpi Wulan. Pikiranku wis ra karuan, aku selak pengen nukokke kursi roda nggo Wulan.
Ora let suwe, tekan giliranku maju. Aku semangat, apa sing ana nang karya ilmiahku takjelaske kanthi cetha. Bareng wis rampung, keplok rame para peserta gawe ayeme atiku.
Srengenge wis mapan ana ing sisih kulon kae. Lampu-lampu wis pada murup. Aku entas-entas memean. Hapeku muni, ana SMS. “Wulan opname, sore mau digawa nang rumah sakit. Ayo tilik.”, unine SMS saka kancaku. Aku kaget. Arep bali, nanging wis maghrib ora ana bis saka kos-kosanku tekan omah. Sawise sholat maghrib aku telpon Wulan, ora diangkat. Banjur aku telpon ibuke, Bu Tum. Bu Tum crita yen Wulan mau awan keseseken, lemes, tensine pitung puluh. Aku mung isa ngeyem-yem Bu Tum. Ndonga muga Wulan cepet mari. Aku uga pamit karo Bu Tum yen durung bisa tilik, merga aku wis nang jogja. “Bu, Wulan pun bobok napa?” takonku, pengen omong-omongan karo Wulan. “Durung, ning ora gelem dijak omongan.”
Buku abang mung takcekel, ora takwaca. Sesuk esuk ujian, nanging aku ora bisa sinau, aku isih mikir Wulan. Meneng, anteng, suwe-suwe aku keturon.
Dumadakan aku tangi, makjenggerat, krungu hapeku muni. Ana sms mlebu, saka kancaku sing uga tanggane Wulan, ngabarake yen Wulan kapundhut dening Gusti Allah. Aku ra ngandel kabar kuwi. Luhku pancen wis nglebusi kemulku, nanging durung ngandel. Hape kuwi isih takcekel, teka-teka ana telpon, ora liya saka Bu Tum. Wis ora mikir werna-werna, langsung tak-angkat. Suarane Bu Tum kamisesegan. Tangisku wis ora isa dibendhung. Ana ing kamar kos aku dhewekan nangis. Lawang isih dikunci rapet.
Aku bingung. Aku pengen bali, melu ngeterke Wulan nang makam, nanging aku esuk kuwi aku ujian. Bareng luhku wis tak-ulapi, tangisku wis mari. Aku mangkat kuliah. Soal-soal ujian wis ora kewaca, mung takjawab sakenane wae.
Bubar ujian jam sewelas. Aku langsung mlayu tekan pinggir dalan, ngadhang bis. Sajroning bis, aku mung mejeti hape. Nguyak wektu, untape layon mengko jam loro, aku isih duwe wektu telung jam. Bis mlayu kaya playone atiku nguyak wektu.
“ibuuuuu……”ujarku lirih nyawang Bu Tum jumeneng ana sapinggiring peti kang mujur ngalor ngidul. Tanpa suara sakecapa, Bu Tum ngruket aku. Luhku mili, nelesi klambine Bu Tum. Tangisku lan tangise Bu Tum gawe suasana banget sedihe. Mbah Marta dumadakan mili waspane, nyawang aku.
“Bu, mbak Wulan pun tenang. Gusti Allah mesthi maringi papan kang sae.” Suaraku seret, ngudari ruketan kuwi. Bu Tum ngulapi waspane nyawang peti kang wis arep diuntapke.
Layone mbak Wulan wis wancine diuntapke, aku ngadeg nggejejer ana mburi barisan, semono uga Bu Tum nang sisihku. Ora nyana, tangane Bu Tum sing kawit mau nggenggem tanganku selot suwe lemes. Para mudha sing padha ana jejerku dumadakan bingung, padha bingunge aku, Bu Tum semaput.
Nalikane Bu Tum dipapah ana ing kamar, aku lumaku ngetutke layone Wulan nganti tekan makam. Atiku isih terus anggone nangis, nadyan luhku kaya-kaya wis ra krasa banyu maneh. Mei kang biasane ceria, saiki ora beda karo godhogan bayem, alum. Dhuwit sepuluh yuta sing ana tasku wis ora tak gagas maneh. Ngen-ngenku tuku kursi roda nggo Wulan wis muspra. Wulan Mei.

(Dening : Rinda Asy Syifa, kapethik saking UDYANA edisi Maret 2011)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar