Dhewe ora ateges
kasepen. Rungokna apa sing neng njero iki. Rame banget, nganti garuh anggonku
ngrungokke, apa maneh ngrasakke, kaya swarane mesin bis sing dak-tumpaki iki.
Janma manungsa pating slebar neng saindhenge Rumah Sakit Sardjito. Ana bapak
tukang becak sing kewalahan nggenjot pedhal jalaran penumpange bapak-ibu-anak.
Ana mbak-mbak karo mas-mas sing nganggo jubah dokter, njalari aku eling jaman
semono nalikane aku mulih sekolah ngonthel mesthi liwat ngarep Rumah Sakit
Wates jalaran kepengin dadi dokter utawa perawat, kuwi mau mung impen sing ora
ana kasunyatane. Neng cedhak shelter Trans Jogja sisih tengenku, ana
simbah-simbah mripate sing tengen ditutup perban, apa nembe wae operasi
katarak, aku ora ngerti, sing dak-ngerteni ya mung simbah kakungku sing wis
kapundhut dening Gusti sadurunge sempat operasi katarak. Tinimbang aku ngalamun
mikirke prastawa sing wis kliwat, aku nyetel radio neng hapeku, nganggo colokan
kuping (kakangku nyebut headset sing
cilik kuwi colokan kuping). Wis ora perlu pindah-pindah frekuensi. Pas banget,
ana lagon-lagon sing dak-senengi.
Bis mandeg
jegreg. Nunggu penumpang. Aku isih asik ngrungokke radio sing colokan kupinge tak-tlesepke
jilbabku, dadi ora ketok, ora ana wong weruh, weruhe ya mung aku
manggut-manggut ora jelas. Kedadak mandheg anggonku manggut-manggut, aku weruh
neng ngarep kono rada mendhuwur, ana jembatan penyebrangan sing durung dadi.
Aku mikir meneh, kok bisa-bisane ya wong-wong kae gawe jembatan neng ndhuwur
dalan gedhe ngene? Kok ora ambrol ya? Jan-jane aku ya wis ngerti nek kuwi
nganggo teori, ning aku ora ngerti apa teorine. Dadi marakke ngguyu dhewe yen
kelingan jaman SMP aku wis tau kepengin dadi arsitek. Ya wektu kuwi aku lagi
seneng-senenge orek-orekkan nganggo petelot nggawe sketsa omah-omahan, jalaran
mbiyen seneng pelajaran nggambar, dhasare gurune ya nyenengke.
Jogja Chicken,
ora adoh seka jembatan kuning sing ndadekake aku kepengen nang Minangkabau
jalaran ana ing sisih tengen jembatan ana omah sing kaya omah adat Minangkabau,
ning ya tetep luwih apik pandapa tedja –wong Jawa je—. “Kapan ya aku mlebu nang
Jogchick?”, batinku, dhasarane bocahe ndesa, durung kenal jogja chicken.
Radioku suarane
pating-kresek. Sajake gelombange wis ora nyaut tekan kene, mula frekuensine
dakgenti, wis ora ana lagon campursarian maneh, saiki nyetel nasyid. Dhuh Gusti paringana rahmat lan keslametan,
kagem Nabi junjungan kula Muhammad... lagu kuwi nganggo limang basa,
ndadekake aku sadar yen urip iku kudu ngurmati basa liyan.
Mak-grudhug,
bocah-bocah sing nganggo sragam SMP lan SMA akeh sing padha numpak. Aku kaget.
Jebul wis kesuwen anggonku ngalamun. Iki wis tekan. “Mbak, mbak, aku duduk sini
ya”, ana bocah sragam biru-putih njawil aku banjur lungguh ana sandhingku.
Aku mung manthuk karo mesem. Aku gumun karo bocah-bocah sragam biru-putih karo
klawu-putih kuwi. Ora merga klambine sing wis keciliken, ning merga guyone sing
marakke aku melu ngguyu. Kaya-kaya aku kepengin mbaleni jaman sekolahku biyen,
kepengin ngebis bareng kanca-kanca akeh. Ora dhewekan kaya saiki. Biyen ya
mulih sekolah mung dhewekan ngonthel, merga jarang ana kancaku sing numpak pit.
Ya mung seploke kuliah iki aku ngebis, malahan wis tau kesasar barang.
“Abege, anake
bakule gule. Abege, aku bingung nggugu karepe...”, lagune mas-mas sing lagi
ngamen. Swarane sora dak-rungokke. Neng Jl.Godean iki aku mesam-mesem krungu
lagu kuwi. Lagune pancen apik. Coba nek kelompok band-ne kakangku gelem nggarap
lagu kuwi, tak-acungi jempol. “nggamping....nggamping!!”
keneke bengak-bengok marakke sing lagi ngamen banjur liren.
Saka sebrang
dalan kae wis katon bapak-bapak sing padha ngawe-awe. Kenek-kenek bis pancen
pinter anggone golek penumpang. Aku sing lagi bingung merga ra wani nyebrang
dhewe iki kedadak bungah nalikane ana kenek bis sing nyebrangke. “tindak pundi
ta mbak?” ngendikane. “Wates”, ujarku. “Melu bis gedhe wae mbak”, bapak kuwi
mau sajakke ngerti apa karepku, aku pancen kepengin numpak bis gedhe. Aku ora
mangsuli, mung manthuk karo mesem. “Hhmm...”, aku lega oleh kursi ngarep cedhak
lawang, merga mengko dadi gampang lehku arep mudhun.
Aku mung meneng
wae. Pikiranku mbalik ana ing wektu kira-kira nem wulan kepungkur, nalikane aku
pisanan wani ngebis dhewe. Wektu kuwi niyatku kepengin gawe sureprise nggo mamakku, aku bali dhewe,
ngebis, biasane aku mbonceng masku sing kuliah nglaju. Wis semangat gawe sureprise, jebul neng ndalan aku kesasar, njuk malah gawe
bigunge wong tuwa. Dadi kejutane ora kejutan bali ngebis, ning kejutan aku
kesasar.
Dhuwit limangewu
tak-cepakke nggo bayar. Tak-caoske bapak-bapak kenek sing mau nyebrangke aku.
Batinku, “sujakna mau sing nyebrangke aku ki kenek bis gedhe, coba nek kenek
bis cilik kaya dhek wingi, mesthi mengko keneke muni-muni merga aku ora melu
bise”.
Dalanan kebak
kendaraan, rame, pating-sliwer. Weruh kendaraan pating-sliwer kuwi marakke
sirahku mumet gliyeng-gliyeng. Ning ya karang kursi jejerku kosong, dadi ora
ana sing bisa tak-jak ngobrol, dadi aku mung dadi tukang ngalamun.
“Ndalangan...ndalangan...!!”,
swara kuwi nggawe aku kaget. Jebul aku keturon. Enggal-enggal aku siap-siap
mudhun, kurang luwih telung menit meneh aku tekan. “Gepura ngajeng, Pak”, aku
ngadeg karo nudhing mengarep, matur karo pak kenek.
Pancen omahku
dudu pinggir dalan iki. Aku kudu mlaku kira-kira telungatus meter liwat tengah
sawah. Dhewe. Gliyak-gliyak tak-lakoni. Pisan-pisan ngguyu manthuk aruh-aruh
nalikane ana simbah-simbah sing lagi nggarap sawah. Srengengene wis manjlung
mangulon. Swara banyu kalen anteng senajan iline banter, kaya-kaya nggambarake
aku sing kawit mau gaweane mung ngalamun, meneng wae nanging pikirane tekan
ngendi-endi. Ora jelas, ora cetha, critane Yojawates.
(Dening : Rinda Asy Syifa, kapethik saking UDYANA edisi April 2011)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar