Salah sawijining dina, ing alas ana bocah wadon kang
lagi golek kayu. Jenenge Legereng, omahe ana pinggir alas. Legereng pancen
bocah kang sregep mbantu wong tuwa, saben awan mesthi golek kayu sawise ngirim
dhaharan kanggo ramane kang ana sawah. Nalika lagi golek kayu, Legereng ketemu
kidang. “Wee’e’e…ana kidang, kok le ayu tenan”, guneme Legereng. “Ha? Apa? Ayu?
Aku lanang, mosok ayu...”, wangsulane si kidang. Legereng kaget weruh ana
kidang bisa omongan. “Lha…kowe kok bisa ngomong? Omahmu ana ngendi, kidang
lanang?”, pitakone Legereng. “Kae, nang guwa pinggir alas”, kidang lanang
nyamauri. “Kebeneran, kae cerak karo sawahe ramaku. Kowe gelem kekancan karo
aku ta? Saben ngirim rama aku ora duwe kanca”, panjaluke Legereng. Kidang
lanang nyaguhi.
Esuk-esuk, Legereng tangi banjur nyiapake sarapan lan
dhaharan kanggo ngirim ramane ana sawah. Wis dadi padatane, Legereng ngirim
ramane arupa sega putih lan jangan gurih. Pancene Legereng wis ora duwe biyung.
Biyunge wis seda. Mula sakabehane ditandhangi dhewe. Bareng wis samapta kabeh,
Legereng banjur menyang sawah.
Ana ing dalan, Legereng kelingan marang kidang lanang.
“Wah…kakang kidang lanang mesthi durung maem, maeman iki takwenehke kakang
kidang lanang wae ah..”, batine Legereng. Bareng wis tekan sangarepe guwa,
Legereng nembang kanggo ngundang kidang lanang supaya njedhul. “Kakang kidang
lanang, ngetoka sedhela wae, kakang kidang lanang...”. “Ana apa? Esuk-esuk kok
wis dolan?”, kidang lanang metu saka guwa. “Iki lho, kang, takgawakke maem”,
kandhane Legereng. “Ooo…ya, ya, aku pancen durung maem. Matur nuwun ya”, Kidang
lanang katon bungah digawakake maem. “Iya, kang. Sesuk saben esuk takteri maem.
Saiki aku pamit ya, kang.”, kojahe Legereng.
Legereng mlaku menyang sawahe ramane, nggawa rantang
kosong merga isine wis diwenehake kidang lanang. “Rama, sega putih jangan gurih
wutah, rama”, turut dalan Legereng nembang nuduhake yen sega putih lan jangan
gurihe wis ora ana, wutah nang ndalan. “Wutah ya wis, ora apa-apa, rasah
bengak-bengok nang kono”, ngendikane ramane. Legereng banjur mulih.
Saben dina tumindak kang kaya ngono kuwi dilakoni
Legereng. Saben arep ngirim ramane ana sawah, malah diwenehake kidang lanang.
Sangsaya suwe ramane curiga. “Ana apa ta
jan-jane iki? Kok saben-saben sega putih jangan gurih wutah. Wah, kudu
diselidiki iki”, ramane sajak wis pirsa yen Legereng seneng ngapusi. Sawijing
dina, ramane nginjen Legereng kang lagi mlaku menyang sawah. Ramane weruh
Legereng mandheg ana guwa banjur celuk-celuk kakang kidang lanang. Legereng
konangan anggone ngapusi ramane. “Woalah, gara-gara kidang kuwi njuk aku ora
tau kejatah panganan ta”, batine ramane karo nginjen Legereng kang lagi guyon
karo kidang lanang.
Ngerti kedadean kuwi, ramane banjur ethok-ethok dadi
Legereng. Esuk njengkut ramane meyang ana guwa banjur celuk-celuk kaya Legereng
nalika celuk-celuk kidang lanang. “Kakang kidang lanang, ngetoka sedhela wae,
kakang kidang lanang”. Bareng kidang
lanang njedhul saka guwa, ramane Legereng ngetokake arit. “Kowe ta sing marakke
anak wedokku seneng ngapusi?! Njuk aku ora tau dikirim?”, ramane Legereng sajak
banget anggone nesu, karo babat gulune kidang lanang nganti mati. Kidang lanang
banjur digawa menyang gubug, dimasak ana kono.
Legereng ora ngerti yen kidang lanang wis dipateni
ramane. Kaya biasane Legereng nggawa rantang menyang guwa. “Kakang kidang
lanang, ngetoka sedhela wae, kakang kidang lanang”. Wis bola-bali Legereng
anggone celak-celuk ngundang kidang lanang, ananging kidang lanang ora
njedhul-njedhul. “Ah..paling kakang kidang lanang lagi lunga,” batine Legereng
sinambi mlaku menyang sawahe ramane. “Rama.. Sega putih jangan gurih teka,
rama”, unine. “Mrene, rasah bengak-bengaok, iki aku masak enak-enakan”, ramane
ngawe-awe Legereng. “Masak apa, rama?”, Legereng age-age mlayu. “Kae nang
gubug, tilikana”, ngendikane ramane. Legereng weruh ana manci isine iwak,
Legereng thelap-thelep mangan iwak. Nalika kuwi Legereng ora nyana yen sing
dipangan kuwi iwak kidang, ora liya ya kidang lanang kancane mau. “Enak,
rama!”, unine Legereng. “Meneh pa piye? Ke nang kuwali isih ana”, kandhane
ramane. Legereng nuju kuwali sing isih temumpang dhuwur luweng, karepe arep
nambah. Nalika dibukak, Legereng weruh sirah kidang lanang. “Rama ki piye horo,
lha anake dhewe kok dibeleh!!”, Legereng kaget kepati. “Anake sapa? Kuwi sing
mangani jatah sarapanku ta?”, ramane rada nesu. “Rama ki piye ta, kuwi ki
kakang kidang lanang, kancaku”, Legereng sajak lega banget. “Wis, wis, rasah
werna-werna. Nek kowe arep lunga ya lunga wae kana!”, ramane nundhung Legereng.
“Biyung, aku ditundhung rama, biyung..”, turut dalan
Legereng nangis. Legereng mlaku nurut lurung. Saben ngliwati sawah, ana wit
terong kang awoh gedhe-gedhe, Legereng nembung, “Enthit, sing nandur terong
gedhe-gedhe iki sapa, enthit. Aku njaluk rak ya oleh, Enthit”. “Sing nandur aku
ya wuk ya, pek en kabeh ya wuk ya, ngger dijoli”, kandhane wong kang ana sawah
kuwi. Legereng banjur methiki terong. Bareng wis akeh, nuthugake lakune. Ora
let suwe, weruh wit bayem lemu-lemu. “Enthit, sing nandur bayem lemu-lemu ‘iki
sapa, enthit. Aku njaluk rak ya oleh, enthit”. Saben weruh tetanduran kang
sehat subur, Legereng mesthi njaluk. Kabeh mau diwadhahi ana keranjang.
“Ah, sayah, ngaso dhisik”, Legereng wis kesayahen
merga pirang-pirang dina mlaku wae. Satekane gunung, nang ngisor uwit Legereng
nata janganan asile njaluk-njaluk ana sawah kae. Legereng dolanan bakul-bakulan
dhewe, wis kaya uwong edan. Nalika lagi seneng bakul-bakulan, ana ula gedhe
marani Legereng. “Ndhuk, kowe kok dolanan dhewe, tak kancani gelem ora”, ula
kuwi nyedhaki Legereng karo omongan. “Eee…gandhrik!! Ula kok bisa omongan!”,
Legereng kaget. “Ora usah wedi, aku ora bakal mangan kowe. Aku Siwa Ula”, unine
ula gedhe kang gedhene meh padha wit kambil kuwi mau. “O, Siwa Ula. Ya kene,
ngancani aku,” wangsulane Legereng. Saklorone banjur dolanan bareng.
Wanci wis wengi. “Wis wengi, Ndhuk. Apa kowe ora bali?
Mengko rama-biyungmu nggoleki lho”, kandhane Siwa Ula. “Ora, aku ki ditundhung
rama. Aku wis ora duwe biyung”, wangsulane Legereng, nyritakake kedadean kang
njalari dheweke ditundhung. “Ya wis, yen ngono kowe turu nang ngomahku wae”,
Siwa Ula ngajak Legereng nginep ana ngomahe. “Tenan pa, Siwa Ula? Ning janji,
aku ora dipangan ta?”, Legereng bungah, duwe kanca Siwa Ula sing atine apik.
“Ha’a, janji, aku ora bakal mangan kowe, wis ayo numpaka nang gegerku”.
Legereng banjur numpak ana gegere Siwa Ula. Saklorone mlebu ana guwa gedhe
omahe Siwa Ula.
Wis pirang-pirang dina Legereng nginep ana guwane Siwa
Ula. Sawijining dina, Legereng ngrasa kangen ramane. “Siwa Ula, aku ki kangen
karo ramaku, aku tak bali dhisik ya”, tembunge Legereng. “Ya, kene takterake”,
Siwa Ula niate arep ngancani Legereng bali ana ngomahe. “Aja, mengko aku damuk
rama, kekancan kok karo Ula, mengko ndhak kowe dipateni kaya kidang lanang”,
kandhane Legereng. “Ya wis, ngati-ati, ndhuk”.
Legereng mlaku bali. Satekane ngomah, “Rama.. Legereng
mulih, Rama”. “Dhuh, anaku wedok, mrenea,” keprungu swarane ramane saka kamar,
swarane lirih sinambi watuk-watuk. Legereng kaget, banjur mlebu kamar. “Rama,
kenging napa?”. “Seploke kowe lunga kae ramamu iki lara, ora ana sing ngladeni,
ora ana kanca nang ngomah, kowe aja lunga meneh ya, Ndhuk”, kandhane ramane. “Nggih.
Gerah napa ta, rama? Tak suwunke obat kalih Siwa Ula nggih”, Legereng ngglembuk
ramane supaya kersa disuwunke obat. “Hus..Siwa Ula kuwi sapa? Mengko nek kowe
dipangan kepiye”, ramane bingung. “Siwa Ula niku kanca kula, rama. Apikan kok”,
Legereng njlentrehake bab Siwa Ula.
Sorene, Legereng mulih ana ngomahe Siwa Ula. “Siwa
Ula, ramaku lagi gerah. Aku mbok digawekke obat”, tembunge Legereng nalika
ketemu Siwa Ula. “Ya, kana gek golek kembang nang pager kuwi, gawanen mrene,”
Siwa Ula nyaguhi gawekake obat. Legereng banjur methik kembang-kembang ana
pager. “Iki, Siwa Ula”, ucape Legereng sinambi nudhuhake kembang sagegem. “Wis,
teplekna nang epek-epekmu, takdamune”, printahe Siwa Ula marang Legereng.
“Hialah, grisi e, Siwa Ula ki..!”, Legereng ngampet ngguyu nalika epek-epeke
didamu Siwa Ula. “Wis menenga”. Bareng kabeh kembange wis didamu, Siwa Ula
ngomong, “Kembang-kembang iki godhogen, banyune diombe nggo gawe obat”. “Ya,
matur nuwun lho ya”, Legereng bungah wis entuk obat kanggo ramane, banjur pamit
mulih.
“Rama, niki obate, saking Siwa Ula”, satekane ngomah
kembang mau banjur digodhog lan disiapke ana gelas. “Ya, matur nuwun ya,
Ndhuk,” ramane katon trenyuh weruh Legereng banget tresnane marang wong tuwa.
“Nggih, rama, Legereng nyuwun ngapunten nggih, wingi pun damel dukane rama,
Legereng janji boten ngapusi malih”.
“Iya, Ndhuk, aku ya njaluk ngapura wis mateni kancamu kidang lanang kae, aku
yaw is nundhung kowe. Dingapura ya, Ndhuk”, kandhane ramane sinambi ngrangkul
Legereng. Saklorone saiki urip guyup ayem.
(Dening : Rinda Asy Syifa, naskah Lomba Dongeng Sayembara Basa Jawa 2011 Pendapa Yudaningratan)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar