Sabtu, 19 November 2011

Tembungku Dudu Tembunge


Plak! Kertas sebendhel tiba ana ndhuwur meja kayu kuwi. Gelas loro kang isine teh manis koclak, yen dipadhakake manungsa gelas kuwi mesthine kaget kepati.  Taplak ijo kang ngemuli meja kacipratan koclakane gelas. “Wis pirang minggu kowe takwenehi wektu, apa ya wangun yen kasilmu mung kaya mangkene??!”, Pak Warsita menyat saka lenggahe. Swarane sora ngebaki ruang tamu kang ambane wetara limang  meter ping patang meter kuwi. Polate Pak Warsita kang kawit mau adhem ayem nyenengake, kedadak malih abang mrengangah campur kuciwa. Ewa semana, wong lanang kang digetak tetep masang polatan sumeh lan sabar. Kertas kang ditibakake ana meja mau dijupuk, nuli matur sinambi nyaosake maneh marang Pak Warsita, “Nyuwun pangapunten….”. Durung tutug anggone matur, Pak Warsita age-age nundhung bocah kuwi. “Wis rasah tokteruske ujarmu!!”. Astane Pak Warsita ngacungi arah njaban ngomah, sasmitane bocah lanang kang umur-umurane durung nyandhak telulikur taun kuwi kudu metu saka omah kuwi.
***
“Ngersakake unjukan, Pak? Spesial kagem bapakku tercinta, lho…”, Atun nggodhani bapake. Pancene yen lagi weruh bapake ngalamun ana teras, Atun mesthi ngetokake jurus genit. Ya mung kuwi kang bisa ngulapi sedhihe bapake saploke ibune seda. Yen wis mangkono, biasane Pak Warsita banjur mesem lan kersa mbabar kasedhihane karo anak wadone kuwi. Nanging sore kuwi ora kaya sore biasane. Rayuane Atun sakaya ora njawil atine Pak Warsita. Pak Warsita tetep meneng, tanpa noleh.
“Pak, enten napa ta? Menggalih napa?”, Atun lungguh ana jejere Pak Warsita. Teh sagelas didelehake dhuwur meja.
“Ora, Ndhuk. Ora mikir apa-apa”, wangsulane Pak Warsita.
“Alaaah….bapak niku.. Lha kok kados kembang kacang ngoten? Hehehe”, Atun ora kentekan akal kanggo gawe guyune bapake. “Mesthi Mas Widada malih ta, Pak?”, ujare Atun maneh. Bocah wadon kang lagi wae lulus SMA sewulan kepungkur kuwi sajatine ngerti apa kang nyebabake Pak Warsita katon buneg.
“Iya, Ndhuk. Coba yen wingi Widada bisa nggugu apa karepku, mesthi wae aku ora kelangan pelanggan lan dheweke wis tampa gaji”, Pak Warsita wiwit crita babagan kuciwane jalaran kelangan pelanggan. Pancene Widada wis rong taun iki dadi penulis tetap ing penerbit “Retawu”. Biasane pihak penerbit nugasi Widada supaya nulis buku babagan tartemtu. Wis telung buku kang diterbitake, mempere Widada wis lanyah anggone nulis jumbuh karo kekarepane penerbit. Ewa semana, Pak Warsita, minangka editor tetep ngowahi tulisane Widada.
“Menawi pun ngoten, napa kula saged neruske sekolah, Pak? Kuliah kados kanca-kanca,” Atun ngudarasa. Banget anggone kepengin kuliah, ora mung mandheg lulus SMA tok. Saploke ibune seda, Pak Warsita ngragadi Atun dhewe, malah ketemu perkara pemasaran mudhun merga penulise lunga. Yen ngono ateges pemasukane penerbit mudhun. Pak Warsita ora nanggapi pitakonane anak wadone kuwi. Pikirane buneg. Karepe Pak Warsita, Atun golek kerja wae, tinimbang kuliah ngentekake ragad.
“Pak, napa boten langkung sae menawa Mas Widada diparingi wekdal malih?”, kocape Atun. Atun bocah kang pinter. Dhasare Atun wis kenal karo Widada, lan wis kerep ngobrol bareng. Dadi ora nggumun maneh yen Atun uga ora jarang ngudarasa karo Widada. Babagan pepenginane Atun kanggo kuliah iki uga Widada ngerti.
“Wis. Wis. Wis. Kekarepane kuwi wis ora isa dituruti maneh. Yen takturuti nerbitke tulisane sing kaya mangkono kae, Retawu isa bangkrut! Maca judule wae aku wis wegah.”, Pak Warsita leren anggone ngendika, gelas ana dhuwur meja dipendhet. Sruput. Sawise nyruput teh, pasuryane katon rada tenang. Pak Warsita nuli ngadeg saka lenggahe, samparane reflek nganggo sandhal kang taline werna ijo kuwi .
“Lho, bapak ajeng ten pundi ta, Pak?” Atun bingung weruh bapake menyat mlaku tumuju lurung.
“Arep tilik kantor”, Pak Warsita nyemauri tanpa tinoleh. Atun age-age nggawa gelas kang tehe kari separo kuwi ana pawon, banjur nutup lawang. Klepat. Atun nututi bapake. Kantore bapake ora adoh saka omahe, wetara mung seket meter keletan kalen cilik. Mula wis ora nggumun yen Pak Warsita wayah sore ngene tilik kantor ya mung sandhalan, kaosan, lan sarungan. Turut dalan, Atun banget khawatire marang bapake, merga ora biasane Pak Warsita polate tanpa bisa sumeh. Aja-aja iki kabeh merga panjaluke nerusake sekolah wis gawe bungee bapake.
Satekane ngarep kantor, Atun kedadag mandheg weruh suasana kantor kang sepi mamring. Ana pinggir bebaturan teras, mung gumlethak sandhal sepasang lan sepatu sepasang. Ateges mung ana siji mitrane bapak kang ana kantor. Biasane kantor kuwi kebak uwong, mbuh kuwi karyawan kono, penulis, apa malah pelanggan. Durung nganti Atun mlebu, Pak Warsita metu sinambi gawa buku cilik kang isih dibungkus plastik.
“Pak, estu kula nyuwun pangapunten sanget. Palapuran pemasaran pancen ngoten.”, pawongan kang panganggone memper kaya mahasiswa ospek nututi metu. “Iya, ora apa – apa. Buku iki takgawa dhisik.”
Atun amung meneng, tanpa paham iki kedadean apa. Atun mlaku mbuntuti Pak Warsita kang pasuryane nuduhake wong kang lagi bingung. Astane ngulak-alik buku cilik werna soklat. Plastik kang mbungkus kuwi disuwek.  “Bukune sinten, Pak?”, Atun nyoba nywara nalika Pak Warsita mbukak halaman ngarep dhewe.
“Sastra Suharjo”
***
Jam ana tembok cet putih kuwi wis nuduhake jam wolu punjul seprapat. Pak Warsita lungguh ana kursi sofa ruang tamu. Pisan-pisan nyesep rokoke. Asbak ana ndhuwur meja kuwi katone wis akrab karo Pak Warsita. Sapinggire asbak wis nglonyom ireng-ireng merga kena mawane rokok. Ing kantor kono ya mung Pak Warsita kang ngrokok, ora ana liyane. Clana dawa ireng, klambi batik, sepatu semiran. Pak Warsita tibake lagi arep tindakan. Saben-saben karyawan kantor kono weruh, batine mesthi muni “Pak Warsita ketiban wahyu apa ya?”. Sanyatane wis pirang-pirang minggu iki Pak Warsita katon buneg tanpa bisa padhang polatane. Nanging, esuk iki, kabeh mau ilang. Pak Warsita malih kaya biyen maneh.
Wis watara limang menitan Pak Warsita mung lungguh sinambi ngrokok lan maca koran. Pisan-pisan nggatekake dalan ing ngarep kantor. Bis-bis kang mandheg ngudhunake penumpang, motor-motor kang pating sliwer, simbah-simbah saka pasar nggendhong tenggok. Sakayane, ana kang lagi dienteni Pak Warsita.
“Nengga sinten, Pak?”, Pak Joko, karyawan anyar kang dadi tukang resik-resik kuwi aruh-aruh sinambi nata buku ana rak buku ora adoh saka lungguhe Pak Warsita.
“Sastra Suharjo”, wangsulane Pak Warsita cekak.
“Sinten?”, Pak Joko sajatine krungu, nanging durung percaya yen Pak Warsita dandan necis mung arep ketemu pawongan kang nyebut jenenge Sastra Suharjo.
“Sastra Suharjo, sing wingi bukune tokwenehake aku kae. Aku arep kenalan, sapa ngerti gelem nulis nang kene”, duda anak siji kuwi njlentrehake kekarepane nunggu.
“Ooo….. Sip, Pak! Seratanipun mesthi sae, nggih Pak?”, Pak Joko melu sumringah.
“Apik tenan! Top markotop!”, Pak Warsita nirokake gayane artis, ngacungi jempol loro. “Aku kok nggumun, buku cilik tipis ngono kok nganti best-seller, kok nganti dikirimke mrene barang. Mesthine penulise jos tenan ta? Apa maneh saiki jeneng penerbite mengudara ora kaya biyen”, tutuge sinambi nglempit Koran merga wis rampung anggone maca berita olah raga kasenengane.
“Ha inggih, Pak…”, Pak Joko nyarujuki.
Durung nganti Pak Joko nerusake anggone ngobrol karo Pak Warsita, ana sepeda motor mlebu ana parkiran kantor. Wong lanang, nganggo klambi rapi, nglepas helme lan jakete. Mlaku tumuju ruang tamu kantor. Pak Joko njawil Pak Warsita, “Pak, Sastra Suharjo pun mriki”. Pak Warsita age-age ngadeg, ngungak saka cendhela. Mak pleret. Pasuryane alum maneh.
“Kula nuwun….”
“Mangga. Mangga mlebet, Mas.”, Pak Joko nyumanggakake, merga Pak Warsita lungguh maneh tanpa mapag tamune. Dhasare karyawan anyar durung nyandhak sewulan, Pak Joko durung apal tamu-tamu kang sowan mrono. Wong lanang kang uluk salam mau mung mesem sinambi nyalami Pak Joko.
“Kene…lungguh kene. Apa karepmu teka mrene maneh?” Pak Warsita nyumanggakake wong lanang kuwi lungguh.
“Kula namung ngestreni timbalanipun Bapak”, ujare.
Jenggirat. Pak Warsita kaget kepati. “Apa kowe sing nduwe nomer telpon iki?”, pitakone sinambi ngulungake kertas tinulis nomer telpon.
“Leres, menika nomer telpon kula ingkang enggal, Pak”
“Apa kowe ngerti buku Sarjana Sujana?”
“Ngertos, Pak. Menika buku terbitan enggal saking Widyakarya Press, karangan Sastra Suharjo ingkang nyariosaken tumindak para sarjana ing tlatah Ngayogyakarta mriki”, kojahe.
“Apa kowe kenal karo pengarange?”, Pak Warsita tansaya ora percaya genea kok tamune kuwi ngerti sakabehane. Aja aja pancen tenan kuwi Sastra Suharjo. Nanging Pak Warsita tetep ora percaya.
“Kula piyambak, Pak.”, ucape wong lanang kang lungguh ana sangarepe Pak Warsita.
“Wis aja gawe-gawe! Aja dumeh kowe wis taktolak dadi penulis nang kene, bajur kowe ngaku-aku pengarange buku iki!”, kojahe Pak Warsita sinambi ngetokake buku saka tase. Pancene ana buku kuwi ora tinulis biodata pengarang. Pak Warsita ngerteni info nomer telpone ya seka penerbit kang nerbitke buku kuwi mau.
“Sejatinipun, naskah buku menika ingkang kala wingi kula caosaken bapak, nanging bapak dereng saged nampi amargi seratan kula kirang jumbuh kalih kekajenganipun bapak”, tamune kang ora liya ya Widada kuwi njlentrehake sakawite naskah kuwi bisa dadi buku.
“Kula ngrumaosi bilih seratan kula tebih saking sampurna. Mantuk saking dalemipun bapak, naskah menika sampun kula buang wonten bak sampah pinggir margi. Nanging seminggu candhakipun wonten satunggaling tiyang rawuh dhateng griya. Piyambakipun pimpinan penerbit Widyakarya Press ingkang ngopeni naskah kula”, Widada nerusake kojahe.
“Apa buktine yen iki tenan tulisanmu?”, Pak Warsite durung percaya. Pancene nalika telung wulang kepungkur piyambake mbanting naskah ana dhuwur meja, sajatine naskah kuwi durung diwaca. Amung kebacut memeng anggone maca, amarga ora seneng marang Widada kang katone narik atine Atun, anak wadone.
Widada ora mangsuli, mung mesem sinambi ngulungake kertas kontrak perjanjian penerbitan. Ana ing kertas kuwi tinulis identitas asli penulis.
Pak Warsita meneng tanpa swara. Kertas kuwi dicekel lan diwaos saka ndhuwur nganti ngisor. Dibaleni maneh. Sakayane Pak Warsita ora percaya yen Widada bisa nulis buku kaya mangkono. Buku kang bisa gawe Pak Warsita sadhar yen pendhidhikan kuwi penting. Mula seminggu kepungkur nalika maca buku kuwi, Pak Warsita ngucap janji marang anak wadone supaya anak wadon siji-sijine kuwi bisa nerusake sekolahe, bisa kuliah, sinaosa direwangi golek dhuwit mrono-mrene. Kuwi sebabe Pak Warsita buneg pirang-pirang minggu iki.
“Pak eeee…! Mriki..!”, Atun mlayu saka lurung gawa Koran sebendhel tumuju kantore bapake. Satekane ngarep lawang, Atun kaget weruh Widada ana nang kono.
“Mas Wid??!” Sing diceluk amung mesem manthuk.
“Ana apa, Ndhuk? Kok le bungah temen?”, Pak Warsita ngawe Atun kang isih ngadeg nggejejer ana ngarep lawang.
“Niki lho, Pak. Kula ketampi ten Universitas Negeri Yogyakarta. Matur nuwun sanget nggih, Pak. Bapak sampun ngeparengake Atun kuliah. Matur nuwun sanget”, Atun ngulungake koran kang isine pengumuman tes masuk universitas. Banjur ngruket bapake. Pak Warsita trenyuh weruh anake bungah. Ora krasa, waspane tiba ana pundake Atun. Semana uga Atun, tangise wis ora bisa dibendhung maneh.
Widada melu trenyuh nyawang bapak lan anak kang lagi bungah atine. Batine, Widada nresnani Atun kaya nresnani adhine dhewe, lan ngurmati Pak Warsita kaya bapake dhewe. Penampane Pak Warsita seprene iki salah, wis ngecap Widada arep macari Atun, mula kabeh pagaweane Widada ditolak. Saikine, nalika Widada nganggo jeneng samaran lan Pak Warsita kersa maos tulisane Widada merga ora ngerti yen kang nulis Widada. Widada bungah, ancase tulisane wis tekan atine Pak Warsita, tembunge wis nulungi Atun kang meh wae ora nerusake sekolahe. Ewa dene kang diwaca Pak Warsita kuwi tulisane Sastra Suharjo, nanging tumrape Widada kuwi “tembungku, dudu tembunge”.
***
Mobil sedan mandheg ing parkiran. Wong wadon nganggo kebaya lengkap, mudhun saka mobil. Ditututi wong lanang batikan, clana panjang, tangane nyekeli peci, rambute wis katon kerontokan kembang jambu, mlaku ana pinggire bocah wadon kuwi. Ora sawetara suwe, ana maneh wong lanang kang metu saka mobil. Nadyan tumpakane sedan, nanging panganggone tetep prasaja, amung kemeja kotak-kotak lan kathok dawa ireng polos. Saben-saben wong kang weruh mesthi ora bakal banget anggone nggatekake wong telu kang lumaku bareng iki. Ora liya, ya Atun, Pak Warsita, lan Widada.
“Dhik, ndi ali-alimu?”, godhane Widada. Sing digodha amung mesam-mesem isin, sinambi ndhelikake tangan tengene supayane ali-aline kang padha karo ali-aline Widada kuwi ora ketok. Esemane nggregetake Widada. Ora wurunga Widada jowal-jawil weruh Atun mesam-mesem.
“Ealah... ya sing guyub ya, Ndhuk, Le. Saiki kowe wis dadi sarjana, Ndhuk, padha karo Widada. Apa isih kelingan buku Sarjana Sujana?” Pak Warsita ngepuk-epuk pundhake Atun lan Widada.
“Bukunipun Sastra Suharjo ta, Pak?” Widada mangsuli sinambi nglirik Atun.
“Dudu”, Pak Warsita nyalahake wangsulane Widada.
“Leres ta, Pak. Anggitan Sastra Suharjo”, Widada mbaleni wangsulane.
“Welah….sanes, Mas. Kula boten tepang kalih Sastra Suharjo. Tembunge sinten sing saged ngluluhke atine Bapak? Napa tembunge Sastra Suharjo?”, Atun wiwit melu ngobrol, sinambi nganggo topi toga.
“Adhuh, Dhik… Tembungku, dudu tembunge. Nggih ta, Pak?”, Widada mangsuli. Tangane njiwit tangane Atun, topi togane dijupuk banjur dienggo Widada dhewe. Atun gregeten nuli nablek pundhake Widada. Saklorone gumuyu bareng.
Pak Warsita bungah, weruh saklorone guyub, nadyan kaya cak TK. Pak Warsita sadhar, yen tulisane Widada pancen apik, yen dipadhakake obat, bisa ngobati wong kang lara nemen. Saikine Retawu tansaya makmur, Widada ngantor ana kono.

                                                       (Dening : Rinda Asy Syifa, naskah juwara 1 Lomba Cerkak Remaja se-DIY 2011)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar