Jumat, 15 Juni 2012

Sekolah Iku


sekolah iku,
papan kanggo ngangsu ngelmu,
kang kudu dilakoni kanthi laku,
kuwi wis dadi wajibku lan wajibmu.

pawiyatan nora bisa laku tanpa guru,
kang kudu digugu lan ditiru,
tansah sareh anuntun murid,
anggone padha nggulang ngelmu.

ngelmu petung siji loro telu,
ngelmu maca a be ce de,
ora lali ha na ca ra ka,
tumekaning ngelmu ngaurip,
saka alam, sosial, lan agama.

sekolah iku,
kawah candradimukaning ngelmu,
kang dhasar nem taun wis lumaku,
tiba titi wancine mentas.

dhuh bapa ibu guru,
sewu agunging panuwunku,
kaaturaken awit setyamu.
daksuwun donga pangestu,
kanggo kakang mbakyu kang wus lulus,
mugya tanssaha nggayuh impen,
jenjem anggone sinau.


(Dening Rinda Asy Syifa, geguritan perpisahan Kelas VI SD Tawangsari 2012 kawaos dening Rina Putri Nauritika)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar