Sabtu, 25 Agustus 2012

Sipus Kembang Telon


Salah sawijining dina, ing satengahing alas, ana kucing lagi golek pangan. Kucing kuwi mlaku turut dalan cilik, sinambi nembang, “Aku Sipus, aku Sipus, aku Sipus. Sipus sing paling bagus, pinter nyanyi, ora ana sing ngalahke aku. Aku Sipus, aku Sipus, aku Sipus.” Kucing kang lagi mlaku kuwi pancen gembagus, warna wulune putih, perangan weteng lan buntute ana warna semburat ireng, mripate mencirit, suarane gagah. Kahanan awak kang kaya mangkono kuwi dadekake Sipus kumalungkung. Sipus ngrasa yen awake kang paling apik, paling pinter. Saben dina tembangane ya mung kuwi. “Aku Sipus, aku Sipus, aku Sipus. Sipus sing paling bagus, pinter nyanyi, ora ana sing ngalahke aku. Aku Sipus, aku Sipus, aku Sipus.”
“Ah…aku ngelih, pengen maem iwak.”, Sipus banjur tumuju kali sapinggiring alas. Satekane ing pinggir kali, kucing kuwi leyeh-leyeh sangisore wit. “Fyuh…sayah. Aku tak leyeh-leyeh dhisik ah”. Angine sumilir sumbribit, ndadekake kucing kuwi ngrasa lier-lier ngantuk.
Teka-teka, ana godhong tiba, pas nibani buntute Sipus. “Gandrik…!! Wah, jan..ngaget-ngageti!!”, ucape Sipus njenggirat kaget merga buntute krasa grisi ketibanan godhong waru.
Sipus malah muna-muni dhewe, ndremimil. Godhong mau banjur ditendhang kecemplung kali. “Huh…aku ki lagi bersantai, malah dikaget-kageti. Lunga kana..!”, celathune Sipus. Godhong mau dicemplungake kali. Sajak ora ngerti yen ing godhong kuwi ana omah ngangkrang. Godhong mau kecemplung kali, nanging kesangkut ana ing antarane watu-watu gedhe satengahing kali.
“Alhamdulillah…untung godhong iku kesangkut nang watu-watu gedhe. Coba yen kentir bablas kegawa iline banyu, mbuh wis kaya ngapa awakku iki,” ucape semut ngangkrang cilik kang ana ing godhong waru mau. Nanging saikine semut kuwi bingung olehe arep nyebrang tekan pinggir. “Haduh….watu iki adoh saka pinggir kali, kepiye olehku nyebrang”, Semut ngankrang bingung.
Srengenge tansaya dhuwur. Sipus kang kawit mau leyeh-leyeh banget anggone ngrasa luwe. Sipus banjur ngadeg sapinggiring kali, nganti-anti yen ana iwak liwat banjur dicakar. Durung suwe anggone ngenteni iwak liwat, ana Siti, tikus cilik. Siti mara ing kali kuwi perlune arep ngombe banyu sapinggiring kali.
“Huss…! Ngapa kowe ngombe nang kene. Awakmu kuwi mambu, ngambon-amboni banyu kali kene. Lunga kana…! Ambumu kuwi marakke iwak-iwak ora gelem liwat”, Sipus ngurak Siti kang lagi arep ngombe. Nanging Siti tetep ana kono, ora gelem lunga.
“Meeeeoooowngg..aaaarrkh..!”, kucing sombong kuwi meden-medeni tikus supayane lunga. “Tikus mambu..!! Lunga!”, urake kucing.
Weruh Sipus nesu kuwi, Siti mlayu munggah wit. “Hiiiiiiiii…..iiih jan, kucing sombong, galak!”, grundhele tikus ana ndhuwur wit.
“Nah, lunga..kana. Yen wis ngene ki rak ya ora ana kang ngambon-amboni”, ucape kucing.
Kucing kuwi banjur neruske anggone golek iwak sinambi nembang. “Aku Sipus, aku Sipus, aku Sipus. Sipus sing paling bagus, pinter nyanyi, ora ana sing ngalahke aku. Aku Sipus, aku Sipus, aku Sipus.”
Nalikane Sipus lagi asyik ngadhang iwak, saka tengah kali keprungu suara tangis. “huhuhu…huks..hiks..”, suara tangis kuwi sansaya cetha.
Kucing banjur muni, “He…sapa kang nangis nang tengah kali??!”. Dhasare kaline amba, kucing mau rada ora weruh yen satengah kali ana semut kang lagi nangis ana ndhuwur watu.
“Aku….!”, wangsulane Simut.
“Hah? Kowe sapa?”, pitakone Sipus rada sero.
“Aku Simut. Aku nang ndhuwur watu tengah kali, ora bisa nyebrang minggir”, ngangkrang cilik kuwi mbengok. “Tulungana aku…!”, panjaluke Simut.
“Apa? Apa? Apa? Nulungi kowe?”, Sipus nyauti panjaluke Simut kanthi cengengesan. “Eman-eman wuluku…mengko yen aku mrono njuk wuluku teles, eman-eman. Hahahaha…”, Sipus malah ngguyu ngakak.
Saka dhuwur wit mau, Siti weruh kedadean kuwi. Atine mangkel weruh tumindake Sipus kang mangkono kuwi. Sipus wis kalangkung anggone sombong. Mula Siti pengen gawe Sipus sadar.
Saka ndhuwur wit, Siti ngrikiti pang kayu kang mulung pas sandhuwure Sipus. Kayu kang dikritiki mau metu tlutuhe. Tlutuh kuwi netes-netes, netesi awake Sipus. “Heh..apa iki netesi aku?!”, Sipus kaget. Sipus ra nglegewa yen wit kuwi duweni tlutuh warna soklat lan yen wis gupak angel diilangi.
“Pus, saiki wulumu tambah apik, warnane dadi ireng, putih, soklat!”, kandhane Siti saka dhuwur uwit.
“Ho’o pa? Wah…mesthi aku tambah ayu ya…”, guneme Sipus karo sajak ke-GR-an.
“Ayu tenan…sip!”, celathune Siti, nggawe seneng atine Sipus. “Nah, gandheng saiki wis tambah ayu, tulungana Simut kae”, panjaluke Siti.
“Nulungi Simut cilik elik kae?! Oh…sory ya..!”, wangsulane Sipus.
“Pelit, sombong, aku ora arep kekancanan karo kowe!”, Siti mbengok.
“Ora ya wis..”, unine Sipus sinambi mlaku lunga saka papan kono.
Bareng Sipus wis lunga, Siti nulungi Simut. Siti nibakake pang kayu kareben kanggo wot Simut tumuju pinggir kali. “Mut, iki tak tibani pang, nggonen wot mrene”, kandhane Siti. “Yoh, matur nuwun ya..”, Simut sumringah.
***
Dina candhake. Sipus mlaku-mlaku turut lurung sinambi nembang. “Aku Sipus, aku Sipus, aku Sipus. Sipus sing paling bagus, pinter nyanyi, ora ana sing ngalahke aku. Aku Sipus, aku Sipus, aku Sipus.” Aku Sipus, aku Sipus, aku Sipus. Saiki wuluku werna telu, aku paling bagus, paling ngganteng”, tembangane Sipus sansaya kumalungkung saploke ditetesi tlutuh.
Ana dalan Sipus ketemu Siti, “Hei, aku bagus tenan ta? Aku paling ngganteng ta?”, pitakone Sipus marang Siti. Siti mung manthuk-manthuk, “hemm..”, wangsulane. Sipus banjur nerusake lakune.
Simut kang kawit mau ndhelik ana mburine Siti, muni, “Sipus bodho! Ra ngerti pa yen kucing kang wulune werna telu kuwi akeh digoleki manungsa! Haha..”. Sipus pancen bodho, ra ngerti yen wulune kang dadi telung werna kuwi mbebayani tumrap awake.
Ora let suwe, ana manungsa kang lagi berburu. “Wah…! Ana kucing kembang telon..! Dakcekele”, ucape manungsa kuwi sajak arep nyekel Sipus kang lagi pamer kuwi. “Pus…pus...pus…wulumu kok apik, apik tenan, ngguanteeeng..!”, manungsa gedhe dhuwur kuwi ngrayu supayane Sipus gelem nyerak.
Sipus kang sipate sombong sansaya bungah atine, banjur nyeraki manungsa kuwi. Nalikane Sipus wis cerak, manungsa kuwi ngetokake karung banjur nyekel Sipus dilebokake karung. “Meeeoooowng…arrrrkh..!!”, Sipus njerit-njerit ana jero karung. Sipus digawa menyang kutha marang manungsa kuwi. Weruh kedadean kuwi, Siti lan Simut mung cekikikan.
(Dening : Rinda Asy Syifa, kapethik saking DJAKA LODANG edisi 25 Agustus 2012)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar