Jumat, 24 Juni 2011

Ikhtiar Kang Daknut


Tan kena kinaya ngapa,
ujare para sepuh.
Kabeh mono wis ditakdirke,
saka tibane godhong,
nganti jugruging gunung,
apa maneh takdirku lan takdirmu
yen ta dudu dalane,
bakal sirna sakabehing pangrasa.
Tan kena kinaya ngapa,
ujare para sepuh,
amung ikhtiar kang daknut.
Yogyakarta 24 Juni 2011

Tidak ada komentar:

Posting Komentar