Rabu, 15 Juni 2011

Juwara Sejati


Radyan Mahardika, jeneng paringane bapak lan ibune. Jeneng kang katulis ana ing akte kelahirane, ijazah, rapot, lan sakabehe dokumen identitase. “Mas Radyan Mahardika”, wis ora gumun maneh yen akeh uwong kang salah njelukake. Nalika jeneng kuwi disebut, sing methungul ora liya ya bocah wadon cilik kang awake kuru, kulite ireng, rambute kang dawa dikucir loro kiwa tengen. Beda adoh karo panganggepe para wong kang lagi kenal pisan, Radyan Mahardika mesthi dikira bocah lanang kang gagah, pinter, tur ngalim. Ewa dene akeh kang kecelik, Radyan tetep nggunakke jeneng kuwi minangka jenenge.
Setu pahing, tanggal 13 Agustus, tibane dina pambiwaran kelulusan kelas telu SMA Janturan. Esuk-esuk njenggut Radyan wis tangi banjur tumuju sumur. “Ndhuk, mengko sing menyang sekolahanmu pakdhe Yono,” ngendikane ibune sinambi nyugokake kayu ing luweng. Pancene antarane sumur lan pawon ora adoh, ya mung ana aling-aling gedheg. Radyan ora semaur, kepara malah mlebu kamar mandhi banjur gebyar-gebyur. Ibune amung bisa ngelus dhadha, kebak welas marang anak wedoke nomer telu kuwi.
Byur…byur..byur. Radyan gebyur banyu kolah ing sakujur awake. Ora ngrasakke adhem meneh, sing ana atine luwih adhem tinimbang adheme banyu lan hawa pirang-pirang dina iki. Sinambi nelesi awak, Radyan kelingan jaman semono.
Wektu kuwi Radyan kelas telu SMP. Nalika arep mendhet kasile ujian, Pak Cahyo, bapake, kapundhut Gusti Allah merga gerah struk. Mula wektu kuwi juwara siji wis ora dadi barang kang nyenengake atine, kabeh wis katutup rasa sedhihe ditinggal sowan bapake marang Gusti Allah. Siji kang sisih dieling-eling, “Dyan, apuranen bapak ora bisa njupuk asile ujianmu. Takweling, kowe sinau sing tenan, ewangi ibumu, lan jaga adhi-adhimu”, ngendikane bapak sejam sadurunge malaikat Izroil methuk ruhe. Yen eling marang ngendikane bapake mau, Radyan nangis.
Kawit dadi bocah yatim, Radyan saben esuk menyang pasar kanggo dodolan gorengan. Ibune kang kerja ana pabrik tahu ora sepiraa gajine, mung cukup kanggo tuku beras. Kanggo mbayar sekolahe lan sekolahe adhi-adhine, Radyan nrima bakulan sadurunge menyang sekolah. Mengko ing sekolahan uga nitipake dagangane arupa gorengan ing kantin lan warung-warung cerak sekolahan. Kaya esuk iki, Radyan kudu cepak-cepak kanggo menyang pasar.
“Ndhuk, mengko yen bijimu apik, ibu arep syukuran.”, Bu Cahyo unjal ambegan. “Wis suwe seploke bapakmu sowan kae ora tau syukuran maneh”, tutuge sinambi leren anggone ngedhuk sega saka katel. Radyan kang lagi nata gorengan ana ing tampah, nuli mangsuli, “Boten sah, Bu. Artane ngge mbayar sekolah Tika - Tina mawon. Kula pun bersyukur banget gene pakdhe uga pun paring pambiyantu murih kula saged ngrampungake SMA. Syukuran kanthi pamuji marang Gusti mawon, Bu.”
“Bener kandhamu, Ndhuk. Ning ibu pengen weruh Radyan sing ceria kaya biyen”, ibune nyekeli tangane Radyan nalika Radyan menyat saka empyak pawon kuwi. “Jane kowe kuwi kenangapa, apa ibu ana salah?”
Radyan nangis ngguglu, ngekep pangkone ibune. Luhe netes nelesi jarik kawung kang wis klumus lan suwek-suwek pinggire. Ibune ngelus-elus rambute Radyan kang dikepang loro. “Ndhuk, kandhaa, ana apa.”
“Bu, nyuwun ngapunten nek mangke biji kula jeblok. Kula khawatir ndamel kuciwane ibu lan pakdhe”, Radyan mangsuli sinambi tetep ngekep pangkone ibune.
“Iya, Ndhuk. Aja pesimis, ibu ngerti kowe kuwi bocah pinter, biasane ya rengking siji. Wis, aja nangis. Mosok wis gedhe semene kok isih cengeng, isin karo adhi-adhimu kae”, ngendikane Bu Cahyo rada guyon.
Radyan ngudari kekepane, nuli mesem sinambi ngulapi luhe kang nelesi pipi.
***
“Dyan, krungu-krungu SMA-mu ana sing ra lulus lho, ngerti ora?”, guneme Lik Yati, wong wadon kang bakul iwak pitik ana sisih tengen panggonane Radyan bakul gorengan.
“Nggih napa, Lik? Pirsa saking pundi?”, wangsulane Radyan.
“Lha…lak adhi ipeku guru olah raga nang kono ta..”, Lik Yati nyemauri.
Radyan mung meneng, nggusah laler kang pisan-pisan teka marani gorengane. Pancene seploke ditinggal bapak, Radyan bisa sekolah ana SMA kuwi merga diewangi ragad Pakdhe Yono, kakange ibune. Nanging kanggo ngragadi adhi-adhine kang isih SD, Radyan kumudu mbiyantu ibune. Kang mangkono dilakoni saben dina. Mula awake kang kuru kuwi sangsaya cilik, merga kesayahen. Yen ana kelas, pelajaran, Radyan kerep keturon. Apa kang disinau ing kelas jan blas wis ora mlebu uteke. Biji 8, 9, 10, kang biyen akrab karo Radyan, saiki wis ora gelem kekancan maneh. Radyan wis ora tau juwara meneh kaya biyen. Apa maneh sewulan sadurunge ujian nasional kae ibune opname ana rumah sakit merga gejala malaria. Wektu kuwi Radyan wis ora bisa konsentrasi sinau kanggo ujian, wedi yen ibune bakal senasib karo kakang lan mbakyune kang sowan Gusti nalika cilik biyen merga lara malaria. Kabeh kuwi dadi khawatire Radyan, gek gek dheweke ora lulus lan gawe kuciwane ibu lan pakdhene.
Wanci wis saya awan, Radyan kukut-kukut.
“Arep pindah?”, pitakone Lik Yati.
“Nggih, Lik. Ajeng ten sekolahan, sinten ngertos para tiyang sepuhe siswa-siswa kersa mundhut gorengan. Hhehehe..”, wangsulane Radyan sinambi ngguyu.
“Ya wis, kana. Ngati-ati”.
“Pareng, Lik..”
***
Sekolahane Radyan pancen ora adoh saka pasar, mung keletan telung omah banjur nyebrang dalan. Satekane sekolahan, wis akeh para waline siswa kang tindak kanggo nampa asil ujiane para siswa. Radyan mandheg ana ngarep gerbang. Thingak-thinguk ngalor ngidul, kaya kaya ana sing digoleki. “Pakdhe Yono nangendi ya..?”, batine Radyan.
Radyan nuli nata dagangane ana sapinggire kantin sekolah. Pancene dina iki kantin tutup, dadi ya mung Radyan dhewe sing bakulan nang kono. Radyan ora isin nglakoni kuwi, ewa dene para guru wis pirsa seluk beluk kahanan kaluwargane Radyan. “Ah, paling pakdhe wis mlebu nang kelas”, Radyan nyoba ngayem-ayem atine bareng sawetara wektu durung weruh pakdhene.
Wetara sajam candhake, para wali murid siji baka siji metu saka kelas banjur tumuju parkiran. Weruh kuwi Radyan celingak-celinguk nggoleki pakdhene. Akehe uwong ndadekake Radyan kangelan anggone nggoleki pakdhene. Atine sangsaya kemrungsung. Gek gek pancen dheweke ora lulus, mula pakdhene ora ana ing sekolahan iki. Radyan bingung.
Kedadak saka kadohan keprungu swara njeluk Radyan, “Dyan..! Ngapa kowe nang kono?! Mrenea!”. Katon Juwita ngawe-awe. Radyan kaget.
“Ngapa?”, Radyan rada bengok.
“Didhawuhi Pak Joko!”, wangsulane Juwita ora kalah sero.
Radyan nuli mlaku nuju kantor, panggone Juwita ngawe-awe mau. Radyan khawatir, Juwita kuwi bocah paling pinter ana kelase, saben-saben tampa rapot mesthi juwara siji. “Aku iki ora tau entuk rengking meneh, ngapa aku ditimbali Pak Joko? Apa aku bener ora lulus?”, batine Radyan. Nanging rasa khawatir kuwi digusah saka atine, Radyan nguwatake ati, siap nampa apa bae kang bakal dingendikake Pak Joko.
“Ayo, cepet!”, Juwita nggeret tangane Radyan.
“Ana apa ta, Wit?”, Radyan malah mandheg lan nakokake perlune deweke ditimbali.
“Halah, wis ta, rasah takon aku, nyuwun pirsa Pak Joko wae. Ayo..”
Bareng mlebu kantor, aku kaget. Sangarepe mejane Pak Joko ana wong loro kang ora asing kanggoku. Sing lanang, pasuryane ndhingkluk, astane nutupi pasuryane, kaya-kaya lagi ngamini donga. Sing wadon, socane nyorotake pangarep-arep kang gedhe, pangarasane kebak luh, astane nyepeng amplop werna soklat lan werna putih. Radyan sangsaya bingung.
“Ibu…! Pakdhe..!”, Radyan nyeraki pakdhe lan ibune. Pak Joko amung kendel.
“Nyuwun pangapunten menawi kula boten lulus”, tembunge Radyan.
“Ora, Ndhuk, ora,” ngendikane ibune sinambi ngrangkul anak wedoke.
“Boten pripun ta, Bu? Radyan estu boten lulus?”, swarane Radyan meh mertandhakake arep nangis.
“Lenggaha mrene, ben Pak Joko sing njelaske”, ngendikane ibune.
Radyan lungguh ana antarane pakdhe lan ibune. Pak Joko nuli ngendika, “Ngene, Ndhuk, mau bapak pancen sengaja ngabari ibumu supaya rawuh mrene. Iki wigati banget. Takjaluk kowe aja kaget.” Pak Joko leren anggone ngendikan. Banjur ngulungake amplop putih.
“Iki, kasilmu, Ndhuk. Tampanana”, Pak Joko nerusake pangandikane.
“Menika menapa, Pak?”, Radyan rada bingung nalikane nampani amplop putih mau, merga ora kaya amplop soklat sing digawa Juwita.
“Kuwi cek, isine dhuwit sayuta. Hadhiah nggo kowe”, ngendikane Pak Joko.
“Estu, Pak?? Nanging hadhiah napa? Kula lak boten juwara ta, Pak?” Radyan tambah bingung.
“Pancene kowe ora juwara siji. Sing juwara siji Juwita. Nanging kowe juwara loro. Iki wujud tresnane para guru lan kancamu. Dongamu kabul, muga-muga bisaa mbantu kowe lan adhi-adhimu.”, Pak Joko ngandharake.
Radyan nyalami astane Pak Joko, bathuke ditemplekake astane Wali Kelase kuwi. Krasa anget, kaya angete tresnane para guru. “Matur nuwun, Pak”. “Iya, Ndhuk, bapak bangga nduwe murid kowe, ing kahanan kaya mangkono isih bisa berprestasi sinambi golek pangupaboga kaluwarga, nadyan dudu juwara siji nanging kowe juwara sing sejati, Ndhuk, Pak Joko ngrangkul Radyan. “Matur nuwun sanget, Pak”.
Bu Cahyo lan Pakdhe Yono sawang-sawangan, saklorone trenyuh. Radyan nuli ngrangkul saklorone mau. Luh kang netes ana pangarasahe Bu Cahyo nelesi pundhake Radyan. Pakdhe ngepuk-puk gegere Radyan, nuli ngendika,”Kowe panjen juwara sejati, Ndhuk. Cocog karo jenengmu, Radyan Mahardika, bocah sing semangat kaya semangate para pejuang nggayuh mardika.”
(Dening : Rinda Asy Syifa, kapethik saking PANJEBAR SEMANGAT edisi Juni 2011)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar